PERJUANGAN VIASA KURANG SAK NIL RESMI DADI ARTIS TENAN. - PACITANPOST

Jumat, 26 Mei 2023

PERJUANGAN VIASA KURANG SAK NIL RESMI DADI ARTIS TENAN.

      Viasa Dewa calon Artis Debutan Baru 

Pacitan Ppos.26.05.023.
Jaman saiki arep populer iku gampang lan maneka warna dalane' . 
Misale ' ,  nyanyi (cover) lagu wong liya lewat Yutobe yo isa ,  egal egol tik tokan yo isa.

Ananging golek  prestasi lewat kompetisi, biasane  nek ora wong pilihan,  arang arang sing isa , merga kabeh dibejeni tim juri ,komentator lan penonton / publik.

Mula..!  yen bocah  asli Nawangan Pacitan ,,  sing jenenge Viasa Dewa ,, minggu ngarep iso mlebu ( 4 besar) kontes Ambyar Indonesia MNC Tv ,, RESMI ,, isa diarani Artis tenan , merga prestasine lewat kompetisi.

Viasa Dewa ditengah penonton saat kompetisi Ambyar MNC Tv.

Perlu dimangerteni , Viasa Cahya Putra Dewanta ( Viasa Dewa )  siswa klas 2 SMAN I Pacitan, lolos 6 besar kontes Ambyar Indonesia MNC Tv sing dipandu Artis Artis terkenal Indonesia , mulai saka Inul Daratista, Iis Dahlia , Rafi Ahmat , Danang lan liya liyane.

Seumpama,  Putra Ragil pasangan Hariyadi- Suprihati Winarcahyani, minggu ngarep lolos  4 besar , murid SMAN I Pacitan jurusan MIPA iki ,  isa diarani  Klebu Artis debutan baru Indonesia .

Biasane yen wis mlebu 4 besar, bakal sering tampil ana TV nasional , diundang konser lan acara acara liyane.

Viasa Dewa dan rekan rekannya di sekolah
SMAN 271 Pacitan.

Suprihati Winarcahyani , sing uga anggota DPRD Pacitan lewat Media , njaluk donga lan suport  marang  kabeh warga Pacitan ( utamane )  komunitas Pacitan Perantauan sing urip ana Jakarta, sing selalu hadir langsung ana Studio MNC Tv Jakarta.

Doanipun nggih,  mugi mugi anak kulo Viasa Dewa Asli Pacitan  saget menjuarai kompetisi Ambyar Indonesia MNC tahun 2023 , ujar  Suprihati.

Satu Catatan sing perlu diperhatikan Viasa , nek wis dadi artis  ojo rumangsa Jumawa , teruslah berkarya , terus berinovasi lan terus belajar.
 Eling ..! Akeh artis sing langsung terpuruk merga  klendran lan Sombong .. ( Gustik)







Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda