TUKARAN : DUIT TENANAN DIKIRA DUIT MAINAN. - PACITANPOST

Kamis, 18 Mei 2023

TUKARAN : DUIT TENANAN DIKIRA DUIT MAINAN.


Pacitan Ppos.17.05.023.
Mbuh critane piye , ujug ujug enek wong udur uduran perkara duit , antara wong dodol bakal janganan  ( sayuran) karo wong tuku .

Merga ale udur uduran saya seru , aku sing kebetulan liwat , mandeg sedelo ndelok permasalahe wong loro sing udur uduran iku maeng.

Nek arep mbleloni ojo koyo ngono caramu , nek cen ragableg duit ora usah tetukon nyang pasar , jare bakul sayur sing jenenge sukatmi ambi nduding nduding , bocah wedok sing umure kira kira lagi 30 an tahun.

Ternyata usut punya usut , bocah wedok sing jenenge Agustina asal Surabaya iku maeng arep tuku bakal jangan , tapi nganggo duit 5000 rupiah sing model anyar.

      duwur duit lawas , ngisor duit anyar.

Agustina akhire ngalah , masiha duit sing digawa kimeng asli , Yo wis yu nek sampean ra percoyo , aku ora sido tuku, Agustinac kluyur lunga , ambi gedek gedek sirahe..

Bareng Agustina kimeng wis rada adoh, tak wanek wanekne  nyedak'i karo bakul janganan , sing kulino masarke sayurane ana pasar Arjowinangun .

Dlalah aku yo duwe duwit limang ewonan isih kencling banget , Aku nyletuk , Yu asline duit iku maeng ora palsu , pancen duit saiki ale nyetak pemerintah koyo duit duitan cah cilik.

Bakul sayur sing maune nuduh agustina bayar nganggo duit palsu, langsung mak klendreh, bareng aku yo ngetokne duit limang ewonan sing jumlahe  wolung lembar .

Pancen Sepintas  , koyo duit duitan cah cilik , mulo wajar... nek enek sing urung pati ngerti yen kui duit tenanan...( Gustik)






Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda