WONG PACITAN BOLA BALI DIGAWE NJUMBUL MERGA ATLIT'e JUARA DUNIA - PACITANPOST

Senin, 08 Mei 2023

WONG PACITAN BOLA BALI DIGAWE NJUMBUL MERGA ATLIT'e JUARA DUNIA


Pacitan Ppos .08.05.023.
Atlit atlit muda Pacitan, akhir akhir iki tukang njumbulke uwong , ora njumbul merga elek , tapi njumbul merga isa ngukir prestasi International.

Tahun 2022...atlit muda Luluk Diana Tri Wijayana , sing Asli  Punung Pacitan,  gegerke wong sak jagad , merga bocah ndesa iku  mau dadi juara dunia yunior  angkat besi ana Meksiko amerika latin.

Bupati Pacitan & Luluk Diana Tri Wijayana.

Hebate maneh , Luluk dicetak prestasine ana Pacitan  lan dilatih uga  pelatih  Asli pacitan, Samsuri.

Urung ilang senenge' merga Prestasi Luluk, wong Pacitan digawe njumbul maneh , yen iki jumbul merga Prestasi Atlit Paralayang Asal Pacitan ( Aisyah Indika Ramadhani) juara Nasional.


Miturut Ismono  pembina atlit atlit paralayang Pacitan , omong yen Aisyah Ramadhani  entuk juara 1 ana gelaran Paralayang Parigi International Sulawesi Tengah , kata Ismono.

Atlit Paralayang asal Pacitan ,,Aisyah ,, juara 1 Paralayang Parigi International di Sulteng.

Sing paling Hebat , Atlit Atlit muda Pacitan dadi juara Dunia  digembleng srana Fasilitas sing terbatas, ora kakean ,, ngak-ngik-ngok,, tapi prestasi mendunia.

Pacitan Layak  menuju pentas Dunia klakon tenan, sekalipun  lagi diraih atlit atlit muda Pacitan, tapi solah bawane wis dadi njumbulke wong akeh...Maju Atlit Pacitan...gawenen njumbul wong sak donyo...ojo minder merga wong gunung , sing penting prestasimu ...( Gustik)









 




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda