Pacitan.26.06.023.
Acara melukis bareng SBY , sesuk wis ora usah di enekne maneh , sejene' animo wis anjlok adoh , uga ngentek entek biaya.
Ora mungkin sekolah , ora melu cawe cawe , kejaba dijaluk'i isi acara, uga kudu kirim siswa melukis, tentu sekolah yo ngetokne biaya konsumsi sing ora sethitik.
Didelok suasana acara melukis bareng SBY wingi ( 25/06) dari sisi jumlah adu..ooh ...dibanding tahun 2022 , arep omong ora enek 500 kaya ora patut.
Miturut Pardi ( pengunjung) acara wis ora koyo ndisik, ora rame ..sepi..mungkin acara bareng dina libur, siswa cegeh melu ,pilih mblayang,jare pardi gligak gligik.
Miturut salah sijining guru sing ora gelem disebut jenenge , uga ngedumel, omong panitia ora profesional, ngrubah acara sak geleme dewe, kudune apapun sesuai teknical meeting .
Untung aku protes , lagi gelem nampilke siswa sing arep moco puisi , umpomo aku ora protes, mungkin siswaku nganti bar acara ora ditampilke , padahal omahe adoh saka Tulakan, ungkapnya.
Anjlok'e animo nglukis bareng SBY, entuk perhatian saka Anggota Dewan Ririn Subianti , Panitia kudu evaluasi kabeh acara sing bakal nglibatne SBY , yen acara ora entuk sambutan warga kan mesakne pak SBY.
Apapun pak SBY iku mantan Presiden , nek acarane entuk ,, rerasan warga Pacitan,, kan ora penak dirungokne ning kuping , tulung suk maneh dicerna , dietung , ojo muk sak geleme dewe sing akhire, ngrugekne wong akeh, jare Ririn.
Sementara Ndaru sing kejibah dadi MC , ora wani umbal opo opo , kecuali muk nunjuk Pantia sing nganggo sarung, sayang Ppos urung iso nemoni,merga acara keburu bubar..( gustik)