DAG DIG DUG..VIASA DEWA JUARA OPO ORA...? - PACITANPOST
News Update
Loading...

Rabu, 28 Juni 2023

DAG DIG DUG..VIASA DEWA JUARA OPO ORA...?

Pacitan Ppos.27.06.023.
Pemuda asal Nawangan Pacitan sing jenenge Viasa Dewa , wengi iki bakal gawe atine wong sak Pacitan deg..deg...ser.

Pasale' , Siswa SMAN 271 Pacitan iki mlebu Grand Final Kontes Ambyar Indonesia tahun 2023 sing dienekne MNC TV Group.

Miturut  Juru Bicara Keluarga Pandu Kemal , Viasa bakal tanding karo 2 saingan artis lyane , Fara ( jogjakarta) Mayangsari ( Banyuwangi) .

Pandu Kemal sing uga karib Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , jaluk doa lan dukungan masyarakat Pacitan , ben Viasa Dewa iso dadi juara Kontes Ambyar Indonesia tahun 2023, harap Pandu.

Gelaran Final Kontes Ambyar 2023, kursi juri tetep bakal diisi, Iis Dahlia, Danang , Raffi Ahmad lan liyo liyane.
Sementara pemandu acara, tetep Nita Gunawan lan Riyan Ibram.

Informasi terakhir , Gelaran final Kontes Ambyar tahun 2023 bakal diisi sederet bintang tamu ,, Band Raja ,, lala Widy, mister limbat lan liyo liyane.

Diperkirakne meh kabeh wong Pacitan , mulai jam 21.00 wib warga wis ndanggluk ana ngarep TV , jare Nur Laela  aku wis nggodok telo pak, nggo suport Viasa..( gustik)





Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done