KEKEAN NGOMBE CIU POLITIK..?.BUTET DIHUJAT.. - PACITANPOST

Selasa, 27 Juni 2023

KEKEAN NGOMBE CIU POLITIK..?.BUTET DIHUJAT..


Pacitan Ppos.27.06.023.
Ulang tahun Bung Karno ana GBK, seolah dadi panggung Butet Kartaredjasa , pasale pemberitaan terkait inti Ulang Tahun Bung Karno malah ora ter Ekspos, sing terekpost lan  viral malah clometane' Butet  sing ora mutu.

Mungkin kanggone , pendukung Ganjar Pranowo seneng, tapi kanggone pendukung Prabowo lan Anies mesti mbedegel.

 Bahkan Waketum Nasdem Effendy Choiri omong,yen Butet kakean ngombe Ciu Politik , clometane anak'e Alm Bagong Kusudiarjo iku blas ora mendidik, kui dudu seniman tapi mirip buzzer bayaran sing lagi mbutuhne duit , jare Gus Choi mangkel.

Saking mangkele, Sebagian Netizen enek sing omong,  yen Butet kudu ngatok marang PDIP merga kondisine lagi jatuh miskin ( mlarat) , Butet mbutuhne duit akeh, merga wis ora enek tanggapan manggung.

Mbuh ethok ethok melu pegel opo piye, petinggi PDIP justru ora setuju Monolog  Butet, ora elok Butet omong koyo mengkono ning acara Harlah Bung Karno, kudune monolog Butet ning acara Partai , dudu acara Harlah Bung Karno sing nekanke ukhuwah / persatuan , jare Jarot Saipul Hidayat.

Butet Kartaredjasa clometan Kontroversial.

Dasar Seniman  , Butet  iso diarani konyak yo kenek , diarani ora konyak yo kenek , bayangno , bareng okeh dikritik , Butet ora malah njaluk ngapura,tapi malah bangga seolah , karya monolog'e diapresiasi wong akeh.

Jare Butet ,  aku omong sesuai fakta lan kejujuran , aku ora nyindir capres , misale kesindir yo rapopo , ananging bareng ditakoni ngopo kok Ganjar ora disindir..?, butet muk tolah toleh , koyo manuk ketulup , he he jawab  Butet Santai.

Sementara Capres Prabowo Subianto omong , pak Butet wonge lucu aku seneng , ben ora usah dibales , tebarkan kebaikan, didik warga karo contoh sing apik, jare petinggi Gerindra  liyane santai.

Perlu dimangerteni , minggu kepungkur Keluarga Bung Karno mengeti Ulang Tahun Bung Karno ana Stadion Senayan ( GBK) Jakarta , sayang acara sing kudune nekanke ukuwah / persatuan dinodai monolog Butet.

Inti Monolog Butet , seolah nyindir Anies Baswedan  dibidik KPK merga Nyolong, tapi koar koar sedang dijegal, Monolog Butet ora mung kui , Prabowo Subianto pun disindir, ojo milih Capres tukang culik.

Tapi sing aneh lan ketok,  nek Butet sejatine pendukung Ganjar , Capres sing saiki munggah Haji bareng Anies iku blas ora disindir , malah omong yen rambute putih merga pekerja keras...

Oalah Tet Butet , omong karo ngomyang kok podo wae , bener Gus Choi mungkin  si Butet lagi kakean ngombe ciu...merga saiki wis mlarat raenek wong nanggap , jare sebagian Netizen sing mangkei karo monolog Butet...( Gustik)
.




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda