Pacitan Ppos.16.06.023.
Antusias tokoh Pacitan , mendukung KH Hamid Dimyathi , dicalonke dadi Pahlawan Nasional saya akeh.
Bahkan iki dina , alm.KH Hamid Dimyati didongakne para alim lan Jemaah Haji sing lagi nglakoni ibadah Haji ana tanah suci Mekah.
Dipimpin Mumammad Haris ( Wakil Walikota Salatiga) sing antusias banget ngenekne dongo marang Kyai karismatik Alm KH Hamid Dimyati sing lagi diupayakne dadi Pahlawan Nasional.
Miturut Haris , doa dipanjatne para jamaah ora muk masalah diajokne dadi pahlawan Nasional, tapi doa dipanjatne merga alm KH Hamid Dimyati sosok penuntun umat kharismatik , sabar lan penuh perjuangan , jelas Haris saka Mekah.
KH.Muhammad Haris Wakil Walikota Salatiga melu dedongo alm KH.Hamid Dimyati langsung saka Mekah Al Mukaromah.
Pemberitaan Sejarah KH Hamid Dimyati dipateni PKI mendorong simpati warga Pacitan ,pingin pada ziarah ana makam TMP solo.
Umpama ora enek pemberitaan KH Hamid Dimyati Tremas sejatine dadi korban keganasan PKI , mungkin okeh wong Pacitan ora weruh.
Saiki bareng diberitakne ulang Media Pacitan Post Group , kabeh pada weruh, lan dampak'e , saiki akeh warga Pacitan sing arep ziarah ana makam KH Hamid Dimyati ana pasarehan TMP Kusuma Bhakti Solo.
Kaya sing direncanakne , salah satu Alumni SMA 271 Pacitan , sekitar wong 60 arep ziarah ana TMP Surakarta.
Menurut Panitia Bambang Suwarno, rencana sekitar sasi September , alumni SMA 271/79 , arep piknik ana daerah Solo , shalat jamaah masjid Sayeed, sekaligus mampir ziarah kubur , marang KH Hamid Dimyati , sing kebetulan Gus Mamuk uga klebu alumni SMA 271/79.
Ora mung Alumni SMA, sebagian tokoh lan warga Pacitan , bareng moco berita yen sejatine. KH Hamid Dimyati dadi korban kekejaman PKI, akeh sing podo arep nyekar ana makam Kyai Kharismatik Pondok Pesantren Tremas Pacitan sing mimpin sekitar tahun 1934-1948...( Bersambung)
M.Haris Wakil Walikota Salatiga asli Desa Banjarejo Kebonagung Pacitan melu dedongo muga muga KH Hamid Dimyathi dadi kaleksanan Entuk Gelar Pahlawan Nasional