LINDU : SD PUNJUNG 2 ATAP RUBUH - PACITANPOST
News Update
Loading...

Jumat, 30 Juni 2023

LINDU : SD PUNJUNG 2 ATAP RUBUH


Pacitan Ppos.29.06.023.
Lindu gede sing pusate ana Bantul Jogja,ternyata gawe dampak luar biasa Pacitan, sejumlah bangunan porak poranda.

Koyo to , SD Punjung 2 Kebonagung atap gedung / plafon ambruk, padahal atap SD iku dirancang Baja Ringan.

Info Polsek Kebonagung Bambang Bonding , mbenerake yen sejumlah bangunan ana wilayah kebonagung rusak, klebu SDN 2 punjung atap ambruk.

atap SD Punjung 2 ambruk  dampak Lindu Bantul.

Ora mung SD SD Punjung sing ambruk,sejumlah gedung ana wilayah kecamatan Pacitan uga rusak parah , misale Kantor BPN Pacitan plafon uga ambrol sekalipun ora separah SDN Punjung 2.

Saka liputan langsung Media, toko toko sing wengi isih pada buka, penjaga toko pada mlayu merga dagangan ning rak pada mabrut kabeh, Asih pemilik toko Garuda  ngaku sempat panik, saking gedene lindu.

Perlu dimangerteni, pusat gempa ana daerah Bantul , kedalaman gempa 25 km ,kekuatan gempa sekitar 6,4 Mg, urung enek laporan kondisi ana daerah Bantul lan sekitare.
Ana Kabupaten Pacitan dewe, kabehi info uga isih simpang siur...( Gustik)






Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done