SMAN 271 PACITAN PANCEN OYE...VIASA DADI ARTIS - SBY DADI PRESIDEN. - PACITANPOST

Rabu, 28 Juni 2023

SMAN 271 PACITAN PANCEN OYE...VIASA DADI ARTIS - SBY DADI PRESIDEN.


Nasional 27.06.023.
Dikapak kapakne , pernah dadi Siswa ning SMAN I Pacitan dadi kebanggaan wong akeh , ora mung wong Pacitan , ananging sak Indonesia kabeh bangga.

Sekitar tahun 2004, Rakyat Indonesia kabeh pada fokus menyang tokoh sing jenenge Susilo Bambang Yudhoyono ( SBY) alumni SMA 271  /SMAN I Pacitan sing wektu kui terpilih dadi Presiden Republik Indonesia ke 6.

Padahal nyetak tokoh dadi jendral sekaligus dadi Presiden iku ora gampang, iso iso 100 tahun maneh urung mesti enek tokoh sing iso madani Ptestasi SBY.

Ananging dina iki, Prestasi SMAN I Pacitan norehne sejarah maneh , salah sijining siswa,  sing jenenge Viasa Cahya Dewanta utawa luwih populere Viasa Dewa  , dadi juara Kontes Ambyar Indonesia tahun 2023 , sing dienekne MNC TV GROUP.

Viasa Dewa ngalahne 3 kontestan liyane , Fara saka Jogja lan Mayangsari saka Banguwangi Jawa Timur.

Viasa Dewa  saat menerIma Hadiah Juara Saka Pimpinan MNC TV.

Sementara Kepala Sekolah SMAN I Pacitan Adi Prayitno, ngaku yen rumangsa mbegogok atine, merga Viasa dadi siji sijine Siswa sing iso nyandang Artis pendatang baru sing moncer saka Kompetisi , dudu moncer saka sensasii.

Adi Prayitno , uga berharap Prestasi Viasa Dewa dadi Artis Papan Atas , muga muga ndadekne semangat konco siswa liyane, Jayalah SMAN I Pacitan Dalam Prestasi tapi bukan sensasi...( Gustik)

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda