TANGGUH : WARTAWAN GELEM DODOLAN KOPI , SEGA KUCING lan MAKELARAN.. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Kamis, 15 Juni 2023

TANGGUH : WARTAWAN GELEM DODOLAN KOPI , SEGA KUCING lan MAKELARAN..

Pacitan ppos .16.06.023.
Djaman ndisik, mungkin dadi wartawan ijik kajen lan renes , koyo koyo dadi wong teehormat.

Ananging saiki, seiring perkembangan jaman sing serba digital , koyo koyo wartawan kudu bersaing karo komunitas liyan,  koyo group group WA.Facebook,instagram lan sakpiturute.

Akibat saka kui, produksi tulisan wartawan akeh sing kesingkur , ora diwaca bablas angine , paling muk diwoco judule , judule menarik lagi diwaca.

Rojihan Wartawan Times nyambi dodolan Hix.

Ora pingin mati konyol , Wartawan wis mulai golek pangan liyo masiha muk nggo sampingan.

Enek sing gelem dodol sega , ngedekne angkringan , makelaran lemah lan golek pangan liyo sing penting halal.

Muturut Rojihan, sing saiki ngedekne angkringan ,,BANGGA PACITAN,, omong yen ngedegne angkringan muk sekedar nggo nonggkrong konco konco media.

Minimal konco konco media sing duite tipis , ora wedi  arep ngopi lan mangan sega sak puluk'an , yo maklum uripe wartawan ora pada kaya uripe ASN lan liyo liyane,jare Rojihan memelas.
   Wartawan Times Rojihan lagi nggodok banyu.

Ora mung Rojihan , wartawan sing nyambi didolan,  Budi Elsi pun kanggo nyambung urip uga gelem  dodolan, yo muk bedane Budi dodolan barang ombo alias dodolan/makelaran lemah. 

Budi omong, wartawan saiki  uripe ora sesuai karo perjuangane , udan nggejibrah panas ngentang muk arep menehi warta kang anyar, mulo nek ra nyambi golek pangan liyo, klakon pawon goling, jare budi ambi gligak gligik...( Gustik)

Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done