Pacitan 06.06.023.
Jenenge wae Grandong , akale ale arep ngapusi menungsa , maneka warna , kabeh modus dicakne , sesuai kondisi.
Merga donyo saiki , kabeh urusan , erane' - era medsos , persasat kabeh obahe menungsa serba medsos alias dunia maya / awang awang.
Sing repot , merga kabeh serba medsos , mbeloni uwong pun , saiki sing ngetrend lewat medsos sing berbasis ana awang awang.
Ora tanggung tanggung , rong dina iki warga Pacitan lan Ponorogo digegerke undangan palsu sing disebar lewat awang awang.
Bupati Ponorogo Giri Sancoko, Ketua komisi 4 DPRD Pacitan Pujo Setyo Hadi , terakhir Kasat Reskim Polres Pacitan Andreas .
Kabeh wong telu kui maeng, seolah nyebarke UNDANGAN PRIBADI lewat group group WA , padahal wong telu kui maeng sejatine ora rumangsa nyebar undangan.
Miturut Willy Hariadi , seumpama undangan ning HP iku mau di klik ( dibuka) penipu sukses mencuri data pribadi sing ngeklik undangan iku mau.
Mulai saka nomer rekening Bank , nomer KTP lan kartu elektronik elektronik liyane.
Willy Risky Cahya Pambudi sing uga kakak kandung Artis Veasa Dewa , pesen marang pengguna medsos, yen dikirimi model koyo undangan utawa bentuk bentuk serupa , ojo dibuka ( klik) lan lansung wae dihapus , sebab nek ora Rekening Bank iso dibobol penipu sing nglayap ana awang awang / dunia maya..ujar Willy.
Sementara Bupati Ponorogo Giri Sancoko , Ketua komisi 4 DPRD Pacitan Syech Pujo , Kasat Reskrim Polres Pacitan Abdreas, urung iso dihubungi , kecuali syech Pujo sing wis menehi weruh Redaksi terkait nomer HP ne diretas ...( Gustik)