WISATAWAN DIGONDOL SETAN DIDELEH PERENGAN ...NGERI.. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Rabu, 07 Juni 2023

WISATAWAN DIGONDOL SETAN DIDELEH PERENGAN ...NGERI..


Pacitan Ppos .08.06.023.
Kedadean aneh ,enek uwong diubeng ubengke setan ana daerah Watu Karung Pringkuku Pacitan.

Kronologine, enek Rombongan wisatawa saka Bantul Jogjakarta 2 mobil elef, piknik ana obyek wisata  pasir putih Desa Watu Karung ( rabu 07.06)

Menurut Joko , sekitar jam 17.20 salah sijining rombongan piknik sing jenenge Danang Eko Setiawan ( 19) pamit arep shalat magrib.

   Korban  Danang dievakuasi warga dan petugas.

Ananging dienteni sawetoro suwe , Danang ora bali bali , rombongan bengi bengi bingung nggolek'i danang,  nganti lapor perangkat desa setempat.

Ujug ujug , enek kabar bocah enom ngadeg jegreg ning perengan kali maron , padahal  secara logika ora enek menungsa sing iso nritip ana perengan sing kimiringane 90 drajat, jare joko warga watu karung.

Merga saking sulite  , akhire kabeh bingung piye carane ngedukne korban, akhire wong wong golek tali , diuncalke menyang danang  saka duwur, tali ditarik menyang seberang kali.

Bersyukur Korban iso dievakuasi menyang iroboyo , lan diserahne menyang rombongan , digawa mulih langsung menyang jogja.

Miturut warga Maron sing ora gelem disebut , ojo sok clometan arep magrib ana daerah watu karung , nek nglanggar lan nemu apese ,bakal diubeng ubengke iblis .

Biasane setan ngubeng ubengke uwong , mesti dideleh nggon sing ora masuk akal ,sing menungsa  ora iso nglakoni  merga secara nalar sukit  ddijangkau...( Tik)

Danang dideleh  setan ning perengan..?

.

Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done