ASB : NJALUK WARTAWAN KOMPAK - PACITANPOST

Senin, 10 Juli 2023

ASB : NJALUK WARTAWAN KOMPAK


Pacitan Ppos. 11.07.023.
Rapat Dengar Pendapat ana gedung dewan dek wingi ( 10/07) nyisakne pitakonan sebagian anggota DPRD Pacitan.

Arib Setyo Budi mengapresiasi RDP antara Wartawan lan DPRD ( Komisi 1 ) wingi  rapat lancar , tertib lan ora enek nyudutke sopo sopo, kecuali muk usul Anggaran Media diundakne.

Ananging Ketua Fraksi Demokrat sing digadang gadang dadi ketua DPRD Pacitan iku , ngudarasa terkait Wartawan sing teegabung ana PWI Pacitan kabeh ora ketok melu RDP.

Merga Arib Setyo Budi wong lapangan, krasa  yen enek sing ora beres , antara PWI lan FPPA , wah iki enek apa iki kok sing teka  muk FPPA , jare arib setengah guya guyu.

Arib Setyo Budi Ketua Fraksi Demokrat Pacitan..saat wawancara dengan Ppos.

Tokoh Asal Tulakan sing populer diceluk ASB iku berharap , yen memang antara FPPA karo PWI enek sing geseh utawa kurang pas , tanpa mengurangi rasa hormat , ASB  njaluk insan Pers kompak..demi pembangunan Pacitan.

ASB uga yakin , ana Pacitan Ora enek wartawan Pendopo lan dudu Pendopo , tak kira kabeh sejajar , faktane Gedung Wartawan ( Bale wartawan) disilihi Bupati atas nama FPPA , tambah Arib.

Sementara Ronny Wahyono Ketua DPRD Pacitan , terkait pengajuhan tambahan anggaran Media , bakal merjuangke lan arep omong menyang Pemkab,tulung sak durunge diajokne di prenco prenco kebutuhane disik, kabeh ben terukur ,klebu kebutuhan anggaran FPPA , urai Ronny.

Perlu dimangerteni , pancen RDP karo Dewan  wingi ora ditekani PWI , sing teka muk FPPA , nganti rapat wis bar..bocah bocah PWI ora nongol.

Ternyata , koyo sing diomongke ketua PWI Pacitan Sudjarismanto,  enek mis terkait undangan RDP , ora enek opo opo gus , sumprit , ora enek persoalan sing urgen, tetep kompak , kalau toh cah PWI akeh sing rung pada nang BALE..iku muk soal wektu wae , jare Sudjarismanto diplomatis...( Gustik)










Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda