KELUARGA VIASA ORA MASALAHNE DISAMBUT OPO ORA....! - PACITANPOST

Selasa, 04 Juli 2023

KELUARGA VIASA ORA MASALAHNE DISAMBUT OPO ORA....!


Pacitan Ppos.04.07.023.
Sebagian masyarakat Pacitan ,  rumangsa mbedegel atine, merga Artis Kebanggaan Pacitan , Viasa Dewa ora disambut layaknya Artis ,sing bar juara kompetisi secara Nasional.

Miturut Sediono anggota DPRD Pacitan , kudune Pemkab Pacitan duwe inisiatif penyambutan Viasa,artis siji sjine Pacitan sing wis iso mengharumkan kota Pacitan ,lewat prestasine juara Kontes ambyar Indonesia tahun 2023 MNC TV.

Opo sing diomongke sediono,uga diamini Sugiharto sing uga melu ndresula , merga Viasa mulih saka Jakarta blas ora enek penyambutan  opo opo, iki piye to Pemkab kok ora ngregani seniman sing ws norehne prestasi, jare Bos Tunas Subur mbedegel.

Saben kontes , jeneng Pacitan terpampang ning TV Nasional , kabeh wong njobo menehi apresiasi Viasa , kok malah Pemkab meneng wae , tambah sugik.

Tidak adanya penyambutan Viasa Dewa dadi rerasan  konco konco Media.

Sementara Keluarga Viasa Suprihatini Winarcahyani, ora masalahne Viasa disambut opo ora , sing penting Viasa wis iso harumkan kota Pacitan.

Kejaba saka iku , Anggota Dewan kawak sing wis dadi dewan 20 tahun iku , omong yen Sejatine Pemkab wis menehi Suport/ dukungan luar biasa menyang Viasa, minimal lewat Vot konco konco PNS , tegas bu Pri .


Ndlalah saka  pihak Viasa lan keluarga , ora pati seneng penyambutan hura hura, merga muk nambah beban pisyikologi Viasa , iso wae Viasa dadi berubah sombong , ben wae dik Viasa tumbuh secara alami , tambah Willy ,,mase,,  Viasa.

Sayang Pihak SMAN I Pacitan uga urung isa menehi sambutan resmi,merga hari libur , menurut rencana Viasa bakal diagendakne resmi ,saka Sekolah usai liburan , tegas Adi Supratikto Kasek SMAN I Pacitan , lewat telpon...(gustik)





Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda