PALANG PORTAL ORA ENEK , MBAH GEOGLE ..TUKANG MBLASUKNE SOPIR..AKIBATE KEJUNGKEL.. - PACITANPOST

Selasa, 11 Juli 2023

PALANG PORTAL ORA ENEK , MBAH GEOGLE ..TUKANG MBLASUKNE SOPIR..AKIBATE KEJUNGKEL..


Pacitan Ppos.11.07.023.
Truck asal Tulung Agung , wingi esuk ( 11/07)  nggletak ning tanjakan mloko desa sedeng Pacitan , diduga merga diblasuk blasukke mbah Geogle .

Truck nopol B.9549 VCA sing disopiri  M. Aldo (20) asal Ngantru Tulung Agung Jawa Timur  ke glundung sekitar jam 06.000 isuk.

Aldo ngaku, pancen urung pernah menyang pacitan , sopir sing umure isih bleken , iku muk berbekal mbah Geogle , blas ora ngiro nek mbah geogle iku mau menehi dalan trabasan sing ora entuk diliwati truck.

Aldo uga nyayangake marang rambu rambu ana pacitan , nek memang dalan iku mau ora entuk dilewati truk , kok ora dipalang portal wae , ben truk ora liwat.

Alasan Aldo masuk akal banget, merga ora pisan pindo , truck lewat dalan Sedeng sing terkenal curam , akhire nggludung , tegas tukilan warga sekitar.

Menurut Tukilan Sak jane ndisik palang portal wis enek , tapi mbuh sekitar 5 tahun iki  palang portal ora enek, kudune DLLAJ opo perhubungan ,mikir oh iki bahaya ..oh iki erane mbah geogle ,imbuh tukilan sing tiap dino liwat dalan sedeng.

Pihak Kepolisian mbenerake yen kecelakaan truk asal Tulung Agung , diduga sopir muk ngandalke geogel map, sayang  teknologi mbah geogle urung iso deteksi, Si pengemudi numpak opo, sepeda motor , sedang opo truck ,  jare AKP M.Khis ambi guyon.

Sementara Hadi Winarno , Aktivis Bhineka Bangsa  Pacitan , ngritik pihak berwenang sing urusi  rambu dalan raya , sing ora menehi rambu pencegahan, arupo palang portal dalan sedeng , akibate okeh kendaraan keblasuk lan alhire njungkel ora teka nggon ...(( Gustik)


Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda