SESUK BENGI SANAK KADANGE: VIASA DIUNDANG BUPATI ,CACAHE WONG 100. - PACITANPOST

Jumat, 07 Juli 2023

SESUK BENGI SANAK KADANGE: VIASA DIUNDANG BUPATI ,CACAHE WONG 100.


Pacitan Ppos.7.07.023.
Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji, jadwalake malem minggu sesuk (08/07) ngundang kabeh dulur dulur Viasa Dewa, juara Kontes Ambyar Indonesia tahun 2023 MNC TV.

Miturut Suprihati Winarcahni ,sing uga ibu kandung Viasa Dewa , rencana pihak keluarga  arep gawa sanak sedulur sing mungkin jumlahe 100 ora tanggumg tanggung.

Sementara informasi sing ditampa Media , kejaba pihak keluarga , Pemkab bakal mengundang kepala Sekolah , guru pembimbing lan  Civitas SMAN I Pacitan liyane.

Direncanakne  pertemuan Viasa Dewa karo Bupati ,bakal digelar sekitar jam 19.00 wib , ana Pendopo  Agung Kabupaten Pacitan , jk Jaksa Agung Suprapto no 8  Pacitan.

Perlu dimangerteni , sak bubare Viasa Dewa entuk Juara Kontes Ambyar , Bupati sempat dikritik , merga mulihe Viasa menyang Pacitan , kaya kaya ora enek penyambutan sing sepadan karo prestasine.

Ananging ternyata , Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji duwe agenda dewe, terkait penyambutan Viasa Dewa .

Juru Bicara Pihak Keluarga Viasa,   Bagus Surya Pratikna  sing uga Anggota DPRD Pacitan , ngucapne matur nuwun banget kagem pak Bupati lan pejabat pemkab liyane , atas segala dukungan lan dorongan  semangat dik Viasa , nganti iso dadi juara Kontes Ambyar 2023 , klebu acara sesuk wengi penyambutan Viasa marang Bupati Pacitan ana  Pendopo Kabupaten Pacitan , urai Bagus...***
Gustik


Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda