SESUK ESUK DENNY CAK NAN RABI..NDADAK ENEK APA ..? - PACITANPOST

Kamis, 06 Juli 2023

SESUK ESUK DENNY CAK NAN RABI..NDADAK ENEK APA ..?


Madiun.09.07.023.
Penyanyi asal Ngawi Denny Setiawan utawa Denny Cak Nan,  sesuk esuk ( 10/07 Rabi , Akad nikah bakal digelar ana salah sijining Hotel ana Madiun.

Cah wedok sing bakal di rabi Denny , selegram sekaligus konco duet Denny , Bella Bonita asal Taman Madiun.

Miturut informasi sing dikutip Media , akad nikah  Denny Cak Nan lan Bella Bonita dipimpin naib  KUA Kartoharjo Anang Darwisy.

Miturut Anang Darwisy , kabeh surat surat lan persyaratan ijab kabul wis lengkap , sesuk esuk insya Allah mas Denny Setiawan lan mbak Bella Bonita F.Agacy wis iso nglaksanaake Ijab qabul ,tegas Kepala KUA Kartoharjo Madiun.

Sing dadi pitakonan penggemar, kok mas Denny Cak Nan ujug ujug rabi enek apa..? Padahal pacarane karo mbak Bella klebu urung suwe, jare Wiwik penggemar Denny asal Ponorogo.

Perku dimangerteni, sak durunge pacaran karo Bonita,Penyanyi lagu lagu Jawa asal Ngawi iku pacaran karo Penyanyi tenar Heppy Asmara asal Kediri Jawa Timur,sayang kisah asmarane bola bali putus nyambung ..lan akhire iki dina putus bablas...

Nganti berita iki ditulis , kondisi Heppy Asmara ditinggal rabi Denny Cak Nan , ora enek sing ngerti , apa kepo apa ndleles ora enek sing ngerti.......** Gustik

Bella Bonita F.Agacy calon istri Denny Cak Nan




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda