VIASA RESMI DIKONTRAK 5 TAHUN MNC TV..BUPATI BANGGA. - PACITANPOST

Sabtu, 08 Juli 2023

VIASA RESMI DIKONTRAK 5 TAHUN MNC TV..BUPATI BANGGA.


Viasa Dewa Artis Debutan baru hari ini resmi disambut Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji di Pendopo Agung Pemkab Pacitan , setelah menjuarai Kontes Ambyar Indonesia tahun 2023 MNC TV Group.

Pacitan.07.07.023.
Disekseni sekitar 200 undangan , Artis Anyar Gres Viasa Dewa disambut secara resmi Bupati Pacitan ana Pendopo Agung Pacitan.

Artis Viasa Dewa , teka didampingi Wong Tuane Hariadhi - Suprihati Winarcahyani , sanak kadang lan pendukunge  sing jumlahe ora tanggung tanggung , ana sekitar  100 uwong.

Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , sambutane ora dawa, muk mengapresiasi Viasa sing menjuarai Kontes Nasional ,  ngalahke puluhan ribu kontestan mulai saka Audisi , selamat yo mas , Pacitan bangga kabeh , slamet slamet jare Bupati  ambi guyon.

Bupati nyanyi duet dg Viasa sayang lampunya ditemaramkan.

Sementara Viasa , menyang wartawan omong , selepas dadi juara langsung dikontrak 5 tahun MNC TV ,tapi per tahun dievaluasi , tegas Viasa.

Merga Viasa saiki Artis , Kanggo ndukung karier Viasa , informasi saka  Hariadi (Bapak'e. )  Viasa Dewa bakal dikuliahne ning Jakarta, alhamdulillah pak tik cilik cilik ning Jakarta wis enek omah,terang Hari.

.    Keluarga Viasa Dewa asal Nawangan.

Kepala Sekolah SMAN I Pacitan Adi Supratikto , isane muk matur nuwun , yen salah sijining siswane  sing jenenge Viasa Dewa , selepas dadi juara disambut Bupati Pacitan secara resmi ana Pendapa Agung Pacitan , matur nuwun sanget pak Bupati , ungkap Adi Supratikto. 

Kepala Sekolah SMANI Pacitan Adi Supratikto turut hadir penyambutan Viasa di Pendopo Pacitan.

Atas nama Kekuarga Pandu Kemal, sing uga Camat Sudimoro Pacitan , uga nyampekne ucapa ,, terima kasih ,, marang kabeh warga Pacitan sing wis ndukung Viasa  nganti juara Kontes Ambyar tahun 2023 MNCTv...( Gustik)

Sutari dan Keluarga melu joget asyik.





Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda