ATI ATI MELU KONTES KECANTIKAN , AKEH SING KON UDO BLEDRENG , ETHOK ETHOK DIUKUR ....LAN..... - PACITANPOST

Selasa, 08 Agustus 2023

ATI ATI MELU KONTES KECANTIKAN , AKEH SING KON UDO BLEDRENG , ETHOK ETHOK DIUKUR ....LAN.....


Pacitan , 08.08.023.
Nek iso bocah wedok Pacitan , ora usah melu melu ajang lomba kecantikan , versi opo wae, umpama toh melu , kudu dikawal wong tuwa utawa  sedulur sing kenek dipercaya.

Ojo gampang kebujuk rayu , Promosi Panitia ,  lomba gadis.....lomba wanita ... , lomba gadis .... , lomba putri.... lomba miss ....lan jenis lomba lomba  indikasi  maksiat liyane.

Pengalaman kasus Pelecehan Seksual   Finalis Miss Universe tahun 2023 , kenek dienggo kaca brenggala bocah wedok sapa wae,utamane bocah wedok Pacitan.

Himbauan iki , disampekne Pengurus LSM Bhineka Bangsa Pacitan Ferry Ardiansyah ,,  bocah  wedok Pacitan ,,  ojo gampang  tertarik ajakan melu ajang / kontes kecantikan , melu mis misan lan liya liyane sing menjurus ke arah penilaian boddy ,tegas Ferry

Seumpama kepeksa melu , kudu di tliti tenan jenis acara kegiatan , ojo gelem yen enek penilain body telanjang , ngukur susu , ngukur lingkaran selangkangan , ngukur pinggul , ngukur  besaran....lan ngukur ngukur body sensitif liyane.
Jare Ferry, kui muk nggo alesan pantia sing duwe nalar bejat.

Perlu dimangerteni , final Ajang Miss Universe  tahun 2023 , iki dina geger genjik , amarga akeh finalis sing rumangsa dilecehne .

Ana jadwal kegiatan Acara, ora enek istilah body cheking , ananging oknum pantia ngenekne acara copot kostum lan diukur bagian bagian sensitif bocah wedok.

Awale peserta dikon jajal kostum tertentu , dikon setengah bugil lan akhire dikon telanjang bulat , diukur  selangkangan , pinggul ,  kemulusan sikil..lan liyo liyane.

Sing parah , kabeh aksi didokumentasikan, difoto lan body Cheking ning njero kamar enek panitia lanang , grayang grayang kemaluan peserta.

Kasus  Pelecehan Peserta Acara Finalis Miss Universe tahun 2023  iki dina wis ditangani Polda Metro jaya.
Saksi saksi sing sebagian melu ajang Miss Universe tahun 2023 wis diperiksa penyidik .
Tahapan sak teruse, kari manggil saksi korban,  panitia lan oknum pelecehan ..( tim)




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda