CABDIN PACITAN KIRIM 7 ATLIT DI KEJUARAAN O2SN JAWA TIMUR. - PACITANPOST

Senin, 07 Agustus 2023

CABDIN PACITAN KIRIM 7 ATLIT DI KEJUARAAN O2SN JAWA TIMUR.


Pacitan Ppos.07.08.023.
Kepala Cabang Dinas Pendidikan Pacitan Indiyah Nurhayati wingi bengi ( 07/08), mbudalke  Rombongan atlit atlit , sing ngikuti Olympiade Olah Raga Siswa Nasional ( O2SN)  Tingkat Propinsi Jawa Timur  ana Kota Batu Malang.

Miturut Kepala Cabang Dinas  Pendidikan Wedok asal Surabaya , Rombongan atlit atlit siswa saka Pacitan jumlahe 12 uwong  ( 7 Atlit 5 pendamping) , jare Kacapdin sing ijik ketok imut.

Rombongan Peserta Olympiade Siswa asal Pacitan siap bertempur di kota Batu Malang.

Pers realis , sing diwenehne menyang awak  media saka Cabang Dinas Pendidikan Pacitan , tercatat enek 7 Cabang Olah Raga sing bakal dipertandingkan , Pencak Silat , Karate , Renang , Bulu Tangkis  lan Atletik, jare Kasek SMA I Pacitan Adi Pratikto.

Adi Pratikno uga  njaluk doa marang warga pacitan , muga muga atlit atlit yunior sing kabeh ijik status siswa/siswi SLA iso bersaing karo daerah liyo.

Sementara cabang olah raga sing dipertandingke siswa siswi peserta O2SN asal Pacitan  sbb:

Perlu dimangerteni , O2SN tingkat Propinsi Jawa Timur ana kota Batu Malang  bakal dipertandingke mulai tanggal 09/08/023 nganti teka tanggal 11 Agustus 2023.
Sakteruse bakal digelar O2SN secara Nasional  sing panggone  nganti seprene urung dimangerteni. ( Tik)









Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda