GARA GARA PROYEK SKATE BOOT ALUN ALUN KEMBAR DIJALUK MANEH. - PACITANPOST

Rabu, 30 Agustus 2023

GARA GARA PROYEK SKATE BOOT ALUN ALUN KEMBAR DIJALUK MANEH.


Pacitan Ppos : 30.08.023.
Gara gara alun alun kulon , bola bali didegne bangunan , persoalan dadi mrembet menyang alun alun etan.

Alun alun etan , sing saiki dadi Taman Rekreasi , mulai dionggreh onggreh pihak tertentu , sing diduga saka awal  pancen ora setuju digawe taman.

Wektu kui , aktivis Masjid Agung  Pacitan  ( alm Dalyono dkk ) menentang keras alun alun etan digawe taman secara keseluruhan , ( alm ) Dalyono kawatir bakal disalah gunakne wong nakal nakal ( wts) kencan.

Alun alun jaman disik ketok gagah dibelah dalan tengah , luar biasa endah .

Ternyata dugaan Almarhum  Dalyono bener , disela sela ramene warga  santai ning taman   , kala kala enek transaksi penyalur hawa nafsu , ana sekitar taman alun alun , bahkan  vidio pornone' ,pirang  sasi kepungkur nganti teka penegak hukum.

Gara gara  lapangan alun alun kulon sing bola bali dikeprasi nggo proyek Pemda, perjuangan almarhum Dalyono ,  iki dina mulai digagas maneh marang tokoh tokoh sing ,, semrepet matane ,, ndelok carut marut proyek alun alun saiki.

Sebagian Warga mulai kangen lan bayangake alun alun etan lan kulon utuh kaya jaman ndisik.

Miturut Heri Kinclong ( panggilan) Mahasiswa  asli Pacitan ana Bandung , njaluk marang Pemkab Pacitan mbalekne alun alun Pacitan  dadi loro maneh, alias kembar.

Kota Pacitan ibatarat  mata menungsa  , mata kiwa  kaya  wong picak , mata tengen  rabun , merga kari setengah sing kenek didelok , jare Heri serius.

Sementara Mujahit , aktivis Pacitan sing cukup terkenal malang melintang ana perjuangan sosial , bakal ngordinir LSM LSM Pacitan ngajak rembukan bab masa depan Alun Alun Pacitan , sing bola bali disrobot Bangunan permanen.

Bahkan  Agus Centrum  , Aktivis bocah enom sing malang melintang ana dunia kuliner lan seni , nyalahne desain Skate Boot sing dirancang permanen ana alun alun , kudune ora permanen nek muk sekedar kanggo arena Skate Boot , gek kepiye cah suk dadine , jare Agus gligak gligik.

NUMPANG IKLAN...!
RIRIN SUBIANTI CALEG DAPIL I PACITAN- PRINGKUKU NOMOR  URUT I PARTAI PKS.

Polemik Pengurangan lahan alun alun Pacitan , Bahkan dadi berita viral Nasional sing dimuat dina Rabu  ( 30/08) ana harian Jatim Hari ini lan media nasional liyane.

Perlu dimangerteni ,  kabeh Pejabat Eksekutif persasat kabeh tutup mulut terkait polemik proyek ana sekitar alun alun kulon , klebu proyek kontroversial renovasi trotoar lan pembangunan Skate Boot .

Sing disayangke , papan nama proyek ora dipasang ,  warga ora weruh biaya  keseluruhan Proyek , Sekdin PUPR Yudo Tri nganti berita iki ditulis,  urung iso menehi jawaban bab Proyek Skate boot alun alun kulon....sik yo mas tak rapat disik..jare Yudo..( gustik)










Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda