GAWAT : ALUN ALUN KULON SAYA ENTEK..WARGA NJALUK DIBONGKAR BANGUNAN SING MANGAN ALUN ALUN KULON. - PACITANPOST

Senin, 28 Agustus 2023

GAWAT : ALUN ALUN KULON SAYA ENTEK..WARGA NJALUK DIBONGKAR BANGUNAN SING MANGAN ALUN ALUN KULON.


Pacitan Ppos.29.08.023.
Pembangunan ana Kabupaten Pacitan saya suwe  saya gabyah bin ora terarah, blas ora duwe unsur seni lan cenderung nglalekne sejarah.

Saking gabyah'e ,  seolah ana kabupaten Pacitan ora duwe Arsitek sing mumpuni lan ora duwe perancang kota sing kwalitas,kabeh isane  muk pokok'e asal bangun.

Salah satu proyek penggusur alun alun kulon Pacitan.

Perlu dimangerteni ,kira kira  limang tahun kepungkur , wektu kui isih jaman Bupatine' Indartato ,  warga wis okeh sing ngudarasa, bab pembangunan berbagai fasilitas ana sekitar alun alun kulon Kabupaten Pacitan , sing saya suwe  saya ngidul ..saya ngidul.

Lepas saka Bupati Indartato , iki diterusne maneh Bupati Aji , bangun fasilitas bermain  anak anak meh teka tengah alun alun kulon .

Papan nama Proyek ora enek , kontraktor  sing bangun masyarakat ora weruh ,opo  meneh  bab anggaran ,  masyarakat uga ora weruh.

Numpang Iklan
Rudi Hartoyo Caleg Dapil I Pacitan- Pringkuku Nomor Urut 1 Partai Hanura.

Ananging Kadis PUPR Pacitan Suparlan ST,  menehi weruh yen Proyek ana Alun Alun Kulon iku bangunan Skate Boot sing satu paket karo perbaikan Trotoar .

Suparlan sing dihubungi ( Ppos ) pas lagi arep numpak montor mabur ( dinas luar) omong ,yen soal teknis lan biaya sing ngerti detail Kabid Kaba Endit Yuniarto ,  Endit nganti seprene ora kenek ditelpon , telpune tulalit...tulalit..terus.

Numpang Iklan..!
RIRIN SUBIANTI CALEG DAPIL I PACITAN-PRINGKUKU NO URUT I PARTAI PKS .

Sementara Keprihatinan terkait kondisi alun alun kulon sing soyo suwe soyo entek, merga kepangan bangunan anyar disuarakne   Dhimyati Penasehat PCW ( Pacitan Corruption Watch ).

Alun alun Pacitan klebu alun alun legendaris sing penuh sejarah lan perjuangan , kudune dijaga lan diuri uri , alun alun etan  wis amblas  dipangan bangunan , Alun alun kulon kari sak pecak, apa klakon dientekne pisan .? Jare Dhimyati sedih.

Bahkan LSM Bhineka Bangsa Pacitan , njaluk  marang Pemkab Pacitan,  Bangunan Skate Boot sing saiki lagi dibangun,  merupakan bangunan terakhir sing mangan lapangan alun alun kulon Pacitan.

Yen nganti suk meneh , enek bangunan sing mangan sisa lapangan alun alun kulon , LSM Bhineka Bangsa bakal nggordinir Demonstrasi geden gedenan menyang Pemkab Pacitan, ora Bupati mbiyen , ora Bupati saiki kok pada wae, kaya ra duwe insinyur sing ngerti sejarah wae.

Aktivis sekaligus mantan anggota DPRD Pacitan saka PDIP , omong ora habis pikir  marang Pemkab Pacitan , Alun Alun iku kan  (alise wajah kota) sing kudu di rawat , ora malah diubrah ubrah kaya mengkana , tulunglah nek bangun ojo saka karepe dewe, tutur Jhon Vera Tampubolon sewot.

Njaluk di Bongkar.
Bahkan Tokoh Vokal  DPRD Pacitan Handaya Aji , njaluk marang Bupati Pacitan,  bangunan anyar sing kabeh mangan lapangan alun alun kulon dibongkar total , Pacitan wis kelangan alun alun etan , iki alun alun kulon wis di dionggreh onggreh maneh , po ra luwih becik anggaran nggo bangun dhalan sing akeh rusak..?

Handoyo uga ancam , yen Pemkab Pacitan bangun proyek muk sak karepe dewe ,setuju  Demo geden karo konco konco LSM sak Pacitan , wis monggo nek cen kendel ngadepi rakyat, tegas Handaya..( gusti)

Jhon Vera Tampubolon setuju rakyat Demo terkait  alun alun kulon yg dipenuhi bangunan.













Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda