GLADAK C`e l`e ng Njaluk dilebokne Agenda RAWAT JAGAD. - PACITANPOST

Kamis, 10 Agustus 2023

GLADAK C`e l`e ng Njaluk dilebokne Agenda RAWAT JAGAD.


Pacitan Ppos.11.08.023.
Kanggo bocah saiki istilah  ,, Gladak Celeng ,, mungkin rada aneh , tapi istilah Gladak celeng - gladak tikus , iku kegiatan sosial biasa , utamane saben saben mangsa ketigo teka ( musim kemarau datang ).

Perlu dimangerteni, ana Kawasan alas Pacitan pancen Kewan jenis Celeng , koyek , macan cecep  , populasine isih lumayan akeh , utamane daerah Sidomulyo ,mengulon teka Katipugal , Semanten ngalor nganti teka Temon ,  sebagian wilayah Pringkuku , Punung lan liya liyane.

Wis iso diprediksi , saben saben usum mangsa  ketigo Celeng mbrudul ndusuri tanduran penduduk , utamane tela ,suweg. lan tanduran tanduran liyane sing basic woh e. ( Buah) ana njero  lemah.

Aksi sporadis celeng ngrusak tanduran , iki dina ning Pacitan dikeluhke warga masyarakat , koyo sing dicritakne Yanto saka Desa Ponggok lan Joko saka desa Sambong Pacitan.


Tanduran tela kaspe lan kacang kacangan ,  resik gasik didusuri puluhan celeng sing tekane nglimpekne uwong , jare Yanto  memelas.

Aksi rombongan  celeng , uga dirasakne wong daerah Katipugal Kebonagung , warga masyarakat mriki ,  mangsa ketiga niki  kajawi larang toyo ugi sedaya tanduran dipun telasne celeng , jare Nirwanto Perangkat Desa Katipugal.

Aksi Celeng ngrusak tanduran penduduk Pacitan ,  ndadekne ide lucu tapi masuk akal , yo kui Aksi  sosial Gladak Celeng - Gladak Tikus njaluk digalakne maneh , jare Ajir Gondomono.

Bahkan Ajir sing populer diceluk ,, Empu Gandring Pacitan (merga tukang gawe lading ) njaluk kegiatan Gladak Celeng dilebokne acara rutin Rawat Jagad, lha timbang acara Ranting boto po ra luwih apik Gladak Celeng , jare Ajir serius.

Ide  Gladak Celeng , ternyata didukung Bos Subur Mas Ir Sugiharto , tokoh asal Desa Wonodadi Kulon sing saiki dadi simpatisan PDIPerjuangan iku omong , timbang Acara Rawat Jagad sing ,, ternyata  ,, ngentek enteki blarak lan Janur ,  po ra luwih becik ngenekne kagiatan  gladak celeng .

Wong ndesa uripe terbantu, sing maune ora isa gawe thiwul  merga ora panen ,  minimal iso gawe thiwul maneh , iso madang maneh , merga telane' iso dipanen merga celenge' entek kabeh.

Ananging Ajir lan Sugiharto ,, lali ,, yen aksi mateni Celeng kanggo cara di  ,,Gladak,,  kuwi nyalahi aturan  Undang Undang lingkungan opo ora..?
Merga nek bar digladak , secara tiori memusnahkan  besar besaran populasi babi hutan ( celeng) .

Ojo ojo  wis Kadung dilebokne jadwal Kegiatan acara Rawat Jagad , ujug ujug Pemkab lan Masyarakat  Pacitan malah TERTUDUH melanggar  Undang Undang utawa aturan Pemerintah , mula kabeh kudu dikaji ben lancar, ora nyalahne tembe mburine..( tik)

NIKMATI BEBEK SINJAY KHAS PACITAN SUNGGUH NIKMATNYA SEPERTI TIDUR DIAWANG AWANG MAS BROW....

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda