GLOPA GLAPE Isa Isa CANGMAY Malah sing Menang... - PACITANPOST

Kamis, 24 Agustus 2023

GLOPA GLAPE Isa Isa CANGMAY Malah sing Menang...


Pacitan Ppos.24.08.023.
Didelok saka kwalitas , Agus bin Sukardi pancen menang adoh karo Cangmay alias Ahmat Dwi Cahyadi , Calon Kades Arjowinangun Pacitan.

Ananging bab pilihan , ojo pisan pisan nyepelekne calon sing dianggep ,, Lemah utawa  Pupuk Bawang ,, Sebab ..' akeh kedadean calon sing dianggep lemah, justru memenangi pertarungan.

Biasane Calon sing  dianggep kuat ( plepete ) terlalu pe'de' , lali karo strategi lan langkah langkah pemenangan , akhire ,, zong  ,, Jagone kalah.

Kondisi jelang Pilkades Arjowinangun, miturut pengamatan media , wis mengarah  sentimen lingkungan ( dusun ) antara Bowongan lan Pager.

Logika berpikir , yen wis mengarah Fanatisme  lingkungan Perdusunan , warga biasane ora ndelok kwalitas Calon , tapi tempat tinggal calon.

Saiki  muk kari jumlah penduduk , antara Bowongan lan Pager okeh endi..? seumpomo jumlah warga Pager luwih okeh , Calon Kades Agus muk karo nggolek tambahan lingkungan liyane , semono uga kosokbaline Calon Kades Cangmai.

Cakades Cangmay, Pancen latar pekerjaane muk sekedar Juru Parkir , Cangmai dudu sarjana lan dudu wong kebandan.

Ananging nek didelok saka okehe  warga sing nyengkuyung Cangmai , sekalipun iku  muk iguhe' warga lingkungan Bowongan , Agus  Mantan pendidik SMP 4 Mentoro Pacitan iku perlu ngati ati lan perlu kerja keras ,nek pingin ora kisinan.

Bebek Sinjahe' Tirta Wening Mentoro masuk katagori ternikmat ke 46 se Indonesia.

Miturut salah sijining warga lingkungan pager , sing ora gelem disebut jenenge , kelemahan timses Pak Agus , sering nyepelekne lawan , sering ngetokne suara suara ngrendahne  lawan , sing  akhire pihak pendukung  calon Bowongan, kebakaran jenggot.

Tapi nganti dina iki , miturut  survy media Pacitan Post , sing nganggo pola wawancara  langsung warga desa Arjowinangun , rata rata isih ngunggulke Agus sebagai pemenang Calon Kepala Desa Arjowinangun tahun 2023-2029.

RUDI HARTOYO CALEG  DAPIL I NOMOR URUT I PARTAI HANURA PACITAN.

Alesane ..pak Agus sarat pengalaman , wonge santun , ibadahe apik , kalem ora neka neka , jare bakul bumbon sing dodol ana pasar Arjowinangun , cedak omahe Agus .

Perlu dimangerteni , Pilkades Arjowinangun terpaksa digelar, merga  Kades sing mestine ijik jejer , mengundurkan diri ,merga nyaleg Dewan Pacitan saka Demokrat.

Sing dadi rasanan warga desa Arjowinangun  dina iki , yo kui terkait posisi ( mantan  Kades ) Rahman Wijayanto sing dianggep kurang  netral , masiha pak Wiwit  Bagong  wong pager , kudune Netral ben ojo pengaruh ale arep nyaleg Dewan...

Nganti berita iki ditulis , Wiwit Bagong urung komentar bab tudingan  sebAgian warga Arjowinangun sing ganggep ora netral...
( Ditulis Gustik dari hasil survy wawancara langsung dengan sebagian warga desa Arjowinangun untuk edukasi Pilkades )















Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda