JIAN AYUNE SUNDUL LANGIT DIWISUDA SARJANA..PUTRI GIRI SANCOKO. - PACITANPOST

Minggu, 13 Agustus 2023

JIAN AYUNE SUNDUL LANGIT DIWISUDA SARJANA..PUTRI GIRI SANCOKO.


Ponorogo , 13.08.023.
Tak pikir ,  sing duwe anak  jenenge nyleneh ,muk  anak'e Gibran Rakabuming , sing jenenge Jan Ethes .

Ternyata enek sing luwih lucu lan keren , yo kui  Jian Ayune Sundhul Langit.
Kejaba jenenge unik , bocah wedok sing ternyata putri  pasangan Bupati Ponorogo Giri Sancoko - Susilowati iku luwih disik , ketimbang Jan Ethes.

Anake Gibran  ,,Jan Ethes ,, lagi  umur 9 tahun , tapi anak'e Giri  ,, Jian Ayune Sundul Langit  ,,  umure wis 20 lan lagi lulus Universitas bergensi Unpad Bandung.

Giri Sancoko Bupati Ponorogo nekani Wisuda Sarjana  anak'e wedok sing jenenge,  Jian Ayune Sundul Langit Universitas Pajajaran Bandung.

Giri Sancoko sing ditelpon media maeng awan , mbenerake yen anak'e wedok bar diwisuda SI Unpad Bandung.
Ditakoni bab jenenge anak wedok'e sing lucu , Giri sing uga Bupati Ponorogo iki njelas'ake  yen jeneng iku gawa berkah, doa lan harapan.
Yo muga muga , anakku wedok sing ayu dewe sak donyo iku ,, ayu njobo njero ,,  jare Giri ambi gligak gligik  sing dadi ciri kas'e  Giri.

Perlu dimangerteni , njenengke anak jaman saiki pancen aneh lan lucu lucu , biasane sing unik  , nganggo  bahasa Jawa ,, ngoko,, sing bendina kanggo guyon , kaya Jan Ethes , Jian Ayune Sundul Langit.

Tapi enek eneh sing lucu lan nyleneh , Calon anggota DPRD Daerah Lombok Tengah sing  jenenge Bintang Komedi Indonesiw  dirangkep dadi siji.
Caleg  asal Lombok Tengah iku jenenge ,, Dono Kasino Indro ,, ( tik)







Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda