JUDEG DIKIRA NGILANG..JEBUL ILANG TENAN...DIDUGA KEJEGUR LAUT. - PACITANPOST

Rabu, 09 Agustus 2023

JUDEG DIKIRA NGILANG..JEBUL ILANG TENAN...DIDUGA KEJEGUR LAUT.


Pacitan Post, 10.08.023.
Nek cah cilik ijik isa dimaklumi, yen dipadoni wong tuwek gayane ngilang, padahal muk  ndelik ning sor gedang.

Tapi kedadean ning Watu Bale Jetak Tulakan , pelaku sing ilang  info sing ditampa media , yo kui remaja wedok umur 27 tahun.

Miturut warga sekitar , Elsia akhir akhir iki rada depresi  sak bubare kuliah ana Sumatra , diduga bermasalah kekancan ana Sumatra,, mboten ngertos masalah ipun kulo,jare warga sing ora gelem disebut jenenge.

Ananging laporan sing mlebu menyang kepolisian Pacitan , wingi (09/08) pas bedug magrib (18.00 Wib) elsi ujug ujug mlayu menyang arah laut.
Tapi enek sing omong, elsia numpak sepeda motor lungo ke arah watu bale..

Enek sing weruh wong tuwane / dulure sempat nututi, tapi bayangan elsi wis  langsung ora ketok , merga kondisi wis mulai peteng.

Tapi uga enek sing omong wong tuane nututi korban , nalika elsia ambi mbresengut nyetater zepeda motor.

Akhire geger , elsia ilang ...Elsia ilang..kabeh kemruyuk golek'i Elsia.
Ananging digolek'i nganti tengah wengi Elsia ora ketemu .
Beberapa pihak ,  menduga Elsia terjun kelaut.

Nganti berita iki ditulis , Kapolsek Tulakan Kompol Umaryono isih koordinasi karo tim BPBD lan perangkat Desa setempat, muga muga gek enek titik terang mas,

 info mlebu saka masyarakat  trontong trontong enek sesuatu kemampul ana laut ,tapi ditunggu info lanjutan mas, jare kaposek sing sedelo maneh pensiun iki (tim)



Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda