PAK MARDI KEOK KARO BU MARDI...PILKADES TAMAN ASRI. - PACITANPOST

Sabtu, 26 Agustus 2023

PAK MARDI KEOK KARO BU MARDI...PILKADES TAMAN ASRI.


Pacitan Ppos.26.08.023.
Wong ki nek arep kisinan ora kurang dhalan , kui kedadean ana pilkades Desa Taman Asri  Kecamatan Pringkuku Pacitan.

Mula bukane , Panitia Pendaftaran Pilkades Desa Taman Asri , buka lowongan pendaftaran Calon Kades tahun 2023. Tapi nganti meh batas akhir  pendaftaran , sing maju lagi incumben Pak Mardi.

Sesuai aturan yen sing daftar muk wong siji , kudu dilawan bumbung kosong .
Mungkin pak Mardi , yen lawan bumbung kosong sungkan , utawa wedi kalah karo bumbung kosong.

NUMPANG IKLAN.
HJ.RIRIN SUBIANTI CALEG NOMOR URUT I DAPIL I PACITAN-PRINGKUKU PARTAI PKS.

Akhire ben onok munsuhe , disiasati Bu  Kades  ( bu Mardi / Giayatun) sing dikongkon kon maju Pilkades Desa Taman Asri.

Kocapo !
Bareng pendaftaran ditutup , jagone resmi pasangan suami istri - Pak Kades Vs Bu Kades lan  sesusi undang undang Pilkades diolehi.

Diplokotho.
Dasar masyarakat iku kadang nylili yo kadang gregetne' , podo umyek mrono mrene , sepakat menangke bu Kades.

Jare Joko , pancen kwalitas antara ne pak Mardi lan Bu Mardi apik bu Mardi , mulo warga akeh sing milih bu Mardi , jare warga ambi gligak gligik.

Tapi enek sing omong, jare warga sing ngaku jenenge supri , cen pilkades Taman Asri didamel benten mas , kajenge bu Kades kemawon sing gantosan mimpin, masiha pun sepuh ( emak emak) kulo kinten taksih rosa, jare supri guya guyu.

Numpang Iklan
PINGIN MADANG ENAK..TUKUO BEBEK SINJAY ISTIMEWA GUSTIK MENTORO PACITAN RM TIRTA WENING.

Dasar maune muk nggo pasangan awer awer , bu Mardi babar blas ora kampanye, ora ajak ajak uwong , ora golek pengaruh kon nyoblos.

Sakjane Bu Mardi wis krungu sruwang sruwing arep dimenangne bu mardi, mulo pas seminggu arep coblosan bu mardi malah muter dusun dusun  ,penging milih dekne  , pilihan bapak wae , aku wis tuwek ,jare warga sing ngerti  bu mardi panik,'

Bu Mardi panik merga isin yen menang tenan , pada karo ngisin isinke bojone dewe , mendah ale heboh wong .uwong..gek kepiye iki...jare bu Mardi lesu.

Kepanikan bu Mardi kedadean tenan , tekane dina cinaton pilkades  Taman Asri dina iki maeng (26/08) bu Mardi menang tipis lawan pak Mardi.
Bu Mardi entuk kecik 608 , pak Mardi entuk kecik 512 , kartu sing rusak 67.

Bareng wis dinyatakan menang tenan , ora isa dicolong raut wajah pasangan suami istri ketok rada kaku,masiha ijik isa mesem , klebu warga sing  grumbul ning omah pasangan suami istri kades Taman Asri , ger.....ger..arep guyu ora isa lepas..gaes...ges , jare warga hem..( tim)

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda