RONNY DUKUNG DESA KALIKUNING NDUWE OBYEK WISATA TAMAN DUREN . - PACITANPOST

Rabu, 02 Agustus 2023

RONNY DUKUNG DESA KALIKUNING NDUWE OBYEK WISATA TAMAN DUREN .


Pacitan Ppos. 03.08.023.
Desa Kalikuning Kecamatan Tulakan , gara gara duren , isa uga dadi kecamatan paling populer sak Pacitan.

Kepopuleran Duren saka Kalikuning Tulakan kabeh wis kesuwur , masiha kadang kadang ,  duren saka desa liya menyang bakul diakokne ,,Duren Saka Kalikuning ,, ben cepet payu.

Kades Kali Kuning Agung dan Ketua DPRD Pacitan Ronny Wahyono , usai Diskusi Rencana perwujudan Taman Duren Kalikuning.

Ananging sayang , Kepopuleran  desa Kalikuning muk sebatas ana trotoar pasar rikala usum duren.

Nek ditakoni tenan Desa Kalikuning iku ngendi , masiha wong Pacitan rata rata ora ngerti , amarga masiha populer merga durene , kabeh pada urung nate ngambah Desa Kalikuning, sing pancen panggonane  ana ndesa ela - ela.

Mula wingi bengi ( 02/03) , ana Warung Kopi Bangga ngarep Balai Wartawan, tokoh pengusaha Wisata Ir Sugihartp , wartawan , Kades Kalikuning Agung Winanto lan Ketua DPRD Pacitan Ronny Wahyono diskusi informal ,  ngenekne gagasan gawe Obyek Wisata arupa Taman Durian Kali Kuning.

Tujuane ben Desa Kali Kuning sing wis terkenal kui , ditekani wisatawan , mbuh kui  wisatawan lokal utawa regional.

Gagasan Gawe Taman Durian Desa Kalikuning sing awale ,, diwedarke,, Wartawan Pacitan Post langsung diamini Kades Kalikuning lan Ketua DPRD Pacitan Ronny Wahyono.

Bahkan Ronny , usulke study banding menyang daerah daerah , sing wis duwe taman buah , kaya Kota Batu , kota Malang lan Semarang , tujuane ben ojo salah langkah , jare Ronny.

Terkait Lokasi , Kades Kalikuning duwe gagasan sekitar embung , lemahe ombo ,  pemandangane apik lan akses dalane iso dilewati mobil nganti teka lokasi Embung.

Ananging  mujudne  Taman Durian Kalikuning pancen ora semudah kui, kudu akses dalan  terpenuhi  minimal ambane lan kondisi aspale kudu memenuhi syarat, merga hubungane karo kelancaran lan keselamatan pengunjung, tegas pak Kades.

Sementara Tokoh Usahawan Ir Sugihato,sing wis malang melintang ana dunia usaha uga sangat setuju anane gagasan gawe obyek Wisata Taman Durian ana Desa Kalikuning, iku gagasan luar biasa hebat , wisatawan isa ndelok secara langsung wit duren asli Kalikuning.

Wisatawan uga iso tuku hasil bumi warga  lokal, iso nikmati pemandangan alam pedesaan , iso nikmati mangan durian ana lokasi secara langsung.

Ananging Tokoh sing uga owner Mentari Hill iku ragu ragu , apa iso terwujud .? mengingat iki musim politik , setitik setitik dikaitke Politik , setitik setitik dihubungke pencalegan lan Pilkada, tegas Sugik.

Nek mestine Pemerinta Daerah  , ingkang sinuwun Adipati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji uga bapa Gagarin selaku Wabub ..los.. ora mikir politik, sing penting desa Kalikuning gek ndang iso maju lan makmur,srana dibangune obyek wisata Taman Durian  Kalikuning, usul Rojihan wartawan Time Indonesia sing uga asli bocah desa Kalikuning ..( tik)













Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda