SENSONE GIGOL , NYAMPLUK TITIT..TUKANG SENSO KLENGER... - PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 14 Agustus 2023

SENSONE GIGOL , NYAMPLUK TITIT..TUKANG SENSO KLENGER...


Pacitan Ppos.15.08.023.
Iki pelajaran kanggo tukang senso, gara gara ora ati ati utawa kurang perhitungan , sering kedadean kecelakaan fatal , nek ra kejepatan kayu ,  yo kebruk'an kayu , sing akeh korban mati.

Kaya kedadean ning dusun Ringin putih Desa Karang Rejo Kecamatan Arjosari Pacitan ( Ktn)   titit'e (kemaluan) kepekso dirawat  medis merga kesampluk senso sing gigol.

Miturut Sediono , wingi ( KTN) Lagi nyenso kayu , ujug ujug sensone lepas /gigol saka tangane , merga kondisi urip sensone monting monting akhire nyampluk sor udel mengisor.

Akibate udel lan titit'e ,, mbeset  merga kesaut untu senso.... , bersukur ora pati parah , ijik kenek diobati ora nganti dijahit lan operasi , jare Sediono tokoh populer asal Arjosari Pacitan.

Anggota DPRD Pacitan asal saka Partai Gerindra iku pesen marang Pekerja Pekerja Pacitan , utamakan keselamatan , ojo nantang maut , kendel iku ono batese,imbuh diono.

Perlu dimangerteni , komunitas tukang senso Pacitan cacahe akeh banget, iso nganti ewon , merga karakter daerah Pacitan 85 persen pegunungan.

Saben dino wong tebang kayu ora mandeg mandeg  , yo muk sayang , Truck sing dienggo ngangkut kayu , bobote kelewat bates.

Akhire dhalan dhalan pada rusak, nek wis rusak , cucuh cucuhan antara warga lokal karo perangkat desa , sing ora duwe aturan ketat , karo truk truk sing muat ngluwihi bates....(tik)









Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done