WEDHUS 10 ..HADIAH LOMBA JALAN SEHAT MENTORO DITAMBAH atusan BARANG BARANG ELEKTRONIK - PACITANPOST

Minggu, 13 Agustus 2023

WEDHUS 10 ..HADIAH LOMBA JALAN SEHAT MENTORO DITAMBAH atusan BARANG BARANG ELEKTRONIK

Pacitan Ppos 13.08.023.
Peringatan Kemerdekaan Republik Indonesia  kaping 78 tahun , dienekke saben lingkungan desa sak Indonesia, ora terkecuali Desa Mentoro Pacitan.

Desa perbatasan sisih etan antara Pacitan- Kebonagung Pacitan iki ngenekne maneka warna kegiatan , sing salah sijine lomba Jalan Sehat Warga Mentoro.

Cuma sing dadi perhatian , jalan sehat sing njupuk rute ngubengi desa Mentoro iku bertabur Hadiah ,salah sijine hadiah ( utama)  arupa Wedus , ora tanggung tanggung  jumlahe 10 ekor.

Miturut  Wayan Diana ( perangkat Desa)  , Hadiah utama arupa Wedus , dijupuk azaz manfaat , mengingat warga desa mentoro akeh sing ngingu kewan , utamane wedus.

Peringatan pitulasan sak durunge , hadiah utama arupa barang barang elektronik koyo to Kulkas , kompor lan sakpirute. Ananging ternyata  , barang barang elektronik iki maeng ,  ning omah sing akeh wis pada duwe .

Tapi nek arupa pithik ,  wedus utawa sapi, manfaate luwih  akeh lan tepat sasaran , sebab kejaba iso manak  , uga iso dilego umpomo wis berkembang biak , imbuh Wayan Diana .

Fenomena Hadiah Perlombaan, barang barang konsumtif dadi barang produktf diapresiasi marang Ketua DPRD Pacitan Ronny Wahyono .

Miturut Ronny , panitia PPHN desa Mentoro berpikir  cerdas , minimal  mengedukasi warga ben seneng ngingu kewan ( beternak).

Perlu dimangerteni, lomba Jalan Sehat Desa Mentoro Pacitan , bakal dienekno. tanggal 20.08.023 srana rega karcis 2000 rupiah.
Kejaba Hadiah utama arupa Wedhus , uga enek ratusan hadiah liyane  ,klebu barang barang elektronik lan peralatan memasak..( gustik)








Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda