ARIB SB : KADER DEMOKRAT ORA K`EDER - ORA GUMUN SOAL ANIES ORA SIDA DAUP. - PACITANPOST

Jumat, 01 September 2023

ARIB SB : KADER DEMOKRAT ORA K`EDER - ORA GUMUN SOAL ANIES ORA SIDA DAUP.

Arif Setyo Budi Sekretaris DPC Partai Demokrat Pacitan.

Pacitan Ppos.01.09.023.
Warga Pacitan kabeh,  wis pada weruh yen Ketua Umum Partai Demokrat Agus Harimurti Yudhoyono  ( AHY ) , ora sida dipinang ( daup)  sebagai Cawapres Anies R.Bawesdan.

Sakdurunge '  Warga Pacitan , utamane kader Demokrat , optimis tandem Anies - AHY sebagai Capres lan Cawapres bakal dadi kasunyatan ananging (  faktane ) Anies malah pilih gandeng Muhaimin Iskandar sebagai Cawapres.

Kanggo nenangne kader lan Warga Pacitan , DPC Partai Demokrat Pacitan njaluk  Fakta lan kahanan Politik  Jakarta dina iki , ditampa kanthi legawa lan gentleman.

Miturut tokoh sing uga Caleg Partai Demokrat Dapil 6 iki omong , DPP Partai Demokrat ana Jakarta isih godok langkah langkah strategis terkait Pilpres .

ARIF SETYA BUDI CALEG DAPIL VI TULAKAN - KEBONAGUNG  NOMOR URUT I PARTAI DEMOKRAT PACITAN.

Mula saka iku , DPC Partai Demokrat njaluk marang  warga ,simpatisan lan Kader Partai Demokrat Pacitan tetep tenang , tetep berkarya sinambi nunggu petunjuk saka DPP Partai Demokrat Jakarta .

Ora usah nggugu wong alok ,  ora sah ngladeni pancingan lawan politik,  sing pancen isane muk moncang mancing masalah, ben pacitan ketok keruh, ati ati aja digembes ,  jare Arif Tegas.

Tokoh sing uga Ketua Fraksi Partai  Demokrat DPRD Pacitan , nambah ake yen Pilpres dudu siji siji ne prioritas , nyukseske Pilihan Legeslatif lan Pilkada uga luwih penting , tambah Arif.

Perlu dimangerteni , Poltik Jakarta terkait Pilpres ijik dinamis lan  isih isa berubah ,  klebu pasangan anyar Anies- Cak Imin , fakta Tandem sing digawangi Surya Paloh saka Nasdem urung secara resmi umumke  menyang masyarakat..( GUSTIK)

RIRIN SUBIANTI CALEG DPRD PACITAN DAPIL I PACITAN-PRINGKUKU NOMOR URUT I PARTAI PKS PACITAN





Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda