FASILITAS OJLAK UJLUK DIKEPRAS, BUKTi BUPATI ORA ALERGI KRITIK..MAS AJI TAMBAH DEWASA..SIP - PACITANPOST
News Update
Loading...

Jumat, 29 September 2023

FASILITAS OJLAK UJLUK DIKEPRAS, BUKTi BUPATI ORA ALERGI KRITIK..MAS AJI TAMBAH DEWASA..SIP


Pacitan Ppos.30.09.023.
Bupati Pacitan  Indrata Nur Bayu Aji , meneng meneng  ternyata duwe sifat luar biasa , utamane bab kritikan masyarakat Pacitan.

Media Pacitan Post ngamati , sak ora orane , Bupati Aji wis  telung Kritikan sing dilontarke media sing digatekne.

BAB : Acara Ruwat Jagad.
 Acara sing saiki dadi Festifal tahunan iku, meh kabeh  warga Pacitan lan Media ,  ngritik  acara Ruwat Jagad merga acara iku dianggep ngrendahne kedudukan Gusti Allah.

Alih alih nesu , Bupati sing uga ponakan SBY iku ,, ternyata ,,  ggatekne kritikan Media lan Masyarakat Pacitan . 

Masiha acara iku tetep digelar saben tahun , tapi kata Ruwat Jagad ,, DIGANTI" Rawat Jagad sing miturut tradisi lan budaya sesuai tema.

BAB : Parasut Paralayang.
Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , awale ora ngerti ,  Cabor Paralayang  ora duwe Perlengkapan terbang ,masiha bola bali juara.
Tapi umpama toh ngerti,   mungkin  Bupati urung sempat nganggarke .

Koyo sing diomongke Dokter Johan Pengurus Koni Pacitan , sakjane bab peralatan Paralayang ndisik nate dianggarke , tapi lain satu hal Tertunda.

Bareng Atlit Atlit Pacitan Nyabet Medali Emas ana ajang Porprov 2023, mbuh merga bangga entuk medali Emas , utawa isin merga pesawat bola bali nyilih , Faktane mas Aji langsung nukokne 1 set peralatan Terbang  ( Parasut lengkap kursi pilot ).

BAB : Proyek Skate Boot.
Media lan warga Pacitan sempat  gumun setahun medun , ujug ujug ana bangunan tembok , sing panggone meh setengah lapangan ana alun alun kulon Pacitan.

Tentu wae kabeh warga kaget lan ngudarasa , iki jan jane alun alun apa arep dipaculi kabeh , apa arep didol pisan.. ha..ha.
Jenenge wae wong akeh , pating  clomet ora karu karuan .

Pancen perlu dipahami , mungkin merga ndisik wis kadung kecewa berat ,  alun alun Pacitan  sing awale  loro / kembar , saiki ilang kari siji , kui pun sing siji kari rong protelon.

Ternyata Bangunan tengah alun alun kui maeng , miturut keterangan Kadis PU Pacitan Suparlan , arep dibangun Fasilitas Olah Raga Skate Boot .

Padahal sejatine , fasilitas olah raga ,, ojlak ujluk ,, alias Skate Boot wis enek ana obyek wisata Pancer Door, ananging mangkrak ora berfungsi.

Alhamdulillah..!
Mas Bupati tanggap anane protes media lan warga , masiha proyek skate boot ijik diterusne , ananging miturut Kadis PU Pacitan Suparlan ST MM , panggone digeser rada ngalor lan duwure dikepras , dadi ketok manis , tegas Pak Kadis.

Telung perkara aspirasi Warga , minimal wis iso mbuktekne , yen Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji ora anti kritik, lan berupaya ggatekne usulan masyarakat , sepanjang usulan lan kritikan masuk AKAL...( GUSTIK)












Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done