KETUA KONI ORA AKTIF , AKEH TOKOH DUKUNG ,, golek ,, BAPAK ANGKAT. - PACITANPOST

Senin, 18 September 2023

KETUA KONI ORA AKTIF , AKEH TOKOH DUKUNG ,, golek ,, BAPAK ANGKAT.


Pacitan Ppos.19.09.023.
Dyah Mentari Putri ,Ketua Komite Olah Raga Nasional Indonesia ( Koni) Pacitan , sing dilantik  ( keketung ) urung pati suwe,  dadi rasanan pejabat lan insan Olah Raga Pacitan.

Awal - awale , seolah Koni bakal kesuntik darah baru , tapi ternyata  ,, anti klimak ,, organisasi  Olah Raga Pacitan iku mlaku  pincang lan penuh polemik, bahkan Bu Ketua sing uga Owner Mentari Hill mulai arang ning Pacitan.

Miturut Kabar Manuk , pengurus seolah koyo duwe penemu dewe dewe , emosi ora terkontrol , penuh kecurigaan siji lan sijine , ditambah bumbu  politik mlebu alus ora krasa.

Arib Setyo Budi ditemui Media dikantor DPRD PACITAN disela santai dengan koleganya Rudi Hartoyo.

Ananging sing hebat , masiha Koni gonjang ganjing ,Cabor Cabor tertentu,  tetep duwe semangat tinggi , kaya Cabor Angkat Besi , Para Layang , Berkuda ,Catur lan Cabor olah raga Gelut.

Bahkan  Cabor Olah Raga Gelut ( MMA ) sing anyar kinyis kinyis , lewat Atlit Gelud ALIFA BAGUS FERNANDA , sukses boyong Emas ana gelaran Porprov Jatim tahun 2023 sing digelar minggu wingi.

Miturut Arib Setyo Budi Ketua Fraksi Demokrat DPRD Pacitan , acungi jempol atlit atlit Pacitan okeh mendulang Prestasi masiha  Ketua Organisasine ora aktif.

Tokoh sing setitik setitik melu cawe cawe bab perkembangan Alif Bagus Fernanda nganti Juara Porprov iku mendukung Atlit atlit sing duwe potensi Juara disokong bapak Asuh , syukur syukur kabeh Cabor duwe bapak asuh , jare Arib sing uga Pdngurus lan  pelatih bela diri Pacitan.

Syech Pujo Setyo Hadi disela kunjungan Kerja  ( sidak Proyek Proyek Pusat) di Kecamatan Ngadirojo PacitAn.

Syech Pujo Setyo Hadi, anggota DPRD Pacitan sing uga ketua komisi IV setuju Koni  Pacitan golek bapak asuh , sejene merga APBD terbatas , uga kenyamanan atlit berlindung.

Tokoh sing uga pewaris Perusahaan Tegel Legendaris Bhumi Harum Wijaya Pacitan iku uga nyaranake ,  segera menyelesaikan gonjang ganjing Koni , merga ora aktife ibu Ketua Koni Dyah Mentari Putri.

Yo...'  yen enek kurang mathuk'e oraganisasi, saranku  gek diselesaikan internal sing apik lan penuh keleluargaan , ojo gawe ontran ontran sing ora perlu , engko malah diguyu pithik liwat, jare Pujo ambi guyon.
Suport liyane uga teka saka , Ririn Subianti lan Lancur Susanto  anggota DPRD Pacitan . Miturut  Ririn Subianti lan Lancur , saiki  Atlit Pacitan wis isa nunjukke semamgat  tinggi lan meraih prestasi .

Ririn lan Lancur  uga setuju banget Dana Pembinaan Koni ditingkatke, minimal atlit atlit sing ora duwe alat koyo Paralayang iku iso duwe Parasut lan kursi Pilot dewe, ora gek saben saben arep tanding nyilih atlit liyo , kan yo ngisin ngisini , jare Ririn mesam mesem.

Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji & HB.Sugiharyanto disela pemberangkatan Atlit Atlit Pacitan ke Porprov VIII Jatim tahun 2023.

H.B.sugiharyanto mantan Ketua Koni kawak , sing wis malang melintang ngurusi Koni Pacitan menehi saran , kabeh persoalan  Koni sakjane ora pati abot , asal kabeh persoalan dimusyawarahke .

Kabeh dijagong sing apik , ora entuk ngelek ekek liyan , mbuh kui antar pengurus utawa  Pejabat Pemkab Pacitan , wis to asal kabeh adem ayem iso iso diselesekne , jare Bos Enggal Babar serius.

Sementara Ketua Koni Pacitan Dyah Mentari Putri , nganti berita iki ditulis urung iso menehi jawaban terkait gonjang ganjing koni Pacitan ,Hp ne bu Dyah.. isih tulalit..tulalit.

Kabar manuk '
Ketua Koni Pacitan Dyah Mentari Putri , wis bola bali ajukan surat pengunduran diri sebagai ketua Koni , tapi ora di setujoni menyang Koni JawaTimur...( gustik)









Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda