KOMITE SMP I DADI BULAN BULANAN MEDIA , KASEK MINTA DIGANTI..? - PACITANPOST

Rabu, 20 September 2023

KOMITE SMP I DADI BULAN BULANAN MEDIA , KASEK MINTA DIGANTI..?


Pacitan Ppos.20.09.023.
Pemberitaan kasus Komite  SMPN I Pacitan , sing narik sumbangan komite  omblang omblangan ,  nganti dina iki urung lerep.

Wartawan  seolah nguber terus menerus ,  perkara tarikan duit komite , sing nganti dina iki urung enek titik temune.

Ndlalah kersane Gusti Allah , ketua komite terpilih Nurhadi urung sempat nglaksanaake tugas ke komitean ,  seda dipundut sing kuasa , nyusul ibune sing uga lagi bar seda , Innalillahi wa Inna ilaihi Rojiun.

Dipastikan sedane Alm pak Nurhadi , ora perkara galih komite SMPN I Pacitan , ananging diduga kecapek'an  merga ibune
Bar seda sedina sak durunge.

Berita iki , sekaligus menepis isu yen sedane pak Nurhadi merga terlalu mikir persoalan komite lan pusing diuber uber wartawan.

Persoalan Komite SMPN I Pacitan dadi isu nasional , sekaligus dadi akeh wong kang cawe cawe lan ngudarasa.

Koyo sing diomongke Jhon Vera Tampubolon , kasus Komite SMPN I Pacitan , kudu dikawal perkembangane ,ojo nganti lolos.

Sementara Kegiatan Ekstra dihentikan.

Sementara Heru Suranto Adi ,sekalipun mlebu ana 
Pengurus kawak , ananging Heru ngaku  sering ditinggal , praktis pembahasan muk diputuske  ketua komite , Kepala Sekolah lan guru guru tertentu.

Indikasi Kepala Sekolah melu main ning dana dumbangan komite , pancen urung isa dibuktikan , jare Heru dina Jumat ijik arep ngenekne sarasehan perwakilan kelas , engko hasile tak kabari gus.

Sementara LSM Bhineka Bangsa Pacitan Hadi duwe penemu , kanggo sementara nek isa Kasek  SMPN I Pacitan dinon aktifkan disik, nunggu investigasi penegak hukum utawa nunggu Pengurus anyar terbentuk..( tim)



Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda