MAKAM KI AGENG PETUNG MEMPRIHATINKAN ..PEMKAB CUEK BEBEK..' WARGA PINGIN DIREHAB. - PACITANPOST

Rabu, 06 September 2023

MAKAM KI AGENG PETUNG MEMPRIHATINKAN ..PEMKAB CUEK BEBEK..' WARGA PINGIN DIREHAB.


Pacitan Ppos.06.09.023.
Makam salah sijining  tokoh babat Pacitan Ki Ageng Petung ana Sedayu Desa Kembang  ketok memprihatinkan. 

Bangunan kotak segi empat sing dibangun 30 tahun kepungkur , isa diarani meh arep Ambruk , ora ngetokne makam  tokoh  / leluhur sing kecatet ana sejarah ,, Babat Pacitan ,,

Miturut  H.Purnomo warga sekitar , Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji wis ping pindo ale tindak sarean Ki Ageng Petung, kulo kinten nggih gek bade dipun rehab , jebul dereng ,  jare H.Purnomo lugu.

Kondisi didalam Makam Ki Ageng Petung di Sedayu Desa Kembang Pacitan.

Rencana Ferry  Ardiansyah , saka  LSM Bhineka Bangsa Pacitan  bakal  berkirim surat menyang DPRD lan Pemkab Pacitan ,,  sing intine' ,,  njaluk kabeh Makam Tokoh penting Babat Pacitan  , utamane makam  Ki Ageng Petung dibangun secara layak.

Tujuane imbuh Ferry , para peziarah sing nuli menyang Makam Ki Ageng Petung rumangsa nyaman , ora ketok samun lan angker , minimal nggo ngurangi kesan mistis sing berlebihan .

Makam Ki Ageng Petung diantara kuburan warga lokal sedayu Desa Kembang Pacitan.

Dibantu Mushala cilik  saka Donatur luar kota , tapi Panitia  Pembangunan , dianggep kurang transparan  lan dadi picaturan lingkungan.

Sakjane ana komplek Makam Ki Ageng Petung dibagun Mushala cilik sing saiki wis dadi 100 persen, ananging terkesan diolor olor ale nyerahne nyang lingkungan.

Miturut  Muhammad Anwar , Donatur lan warga lingkungan , kepingin gek mushala sing lemahe hibah iku gek ndang disrahne Lingkungan ben isa digunakne nggo salat saben wektu, minggu wingi ibu ibu lingkungan arep   yasinan ana mushala anyar  wedi ora oleh , jare anwar.

Mushala Ki Ageng Petung bantuan Donatur sing dianggep urung padang...merga urung disrahne Lingungan utawa Desa.

Polemik proses Pembanguan Mushala sing dijenengke ,, Mushala Ki Ageng  Petung ,, kudune gek dibarke , diselesaikan secara kekeluargaan , rembukan sing apik tanpa ana unsur kecurigaan .

M.Anwar Wakil Saka Donatur Njaban Kutha.

Kejaba saka iku , panitia kudu sadar yen dana kanggo bangun Mushala merupakan amanah saka donatur, sing tujuane peziarah ben isa salat , wirit ,dhikir lan ibadah sunah liyane , insya Allah yen mushala wis resmi disrahne, kotak amal bakal  ngremboko saka peziarah sing peduli, jare Anwar sing saiki dadi pengusaha ana. surabaya...( Gustik)

Iklan ....iklan....
Iklan.
Arep pingin mangan enak , jajano Bebek sinjahe Khas Pacitan ana RM Tirta Wening Mentoro Pacitan.














Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda