MENANG GELUT MANTAN KARYAWAN PABRIK CAT BOYONG EMAS.. - PACITANPOST

Sabtu, 16 September 2023

MENANG GELUT MANTAN KARYAWAN PABRIK CAT BOYONG EMAS..


Pacitan Ppos.16.09.023.
Mungkin kegawa lemah atos Pacitan , kegawa urip sing keras ,  Alifan Bagus Fernanda ( 21) Atlit Gelut Bebas ( MMA) Pacitan entuk medali Emas ana Porprov Jatim VIII tahun 2023.

Miturut dr Djohan TP  Pengurus teras Koni Pacitan , Alif medun ning klas 54 Kg duel 
Final lawan Alki  Atlit MMA saka Kabupaten Pasuruhan.

Duel  Gelut Bebas antara Alif Vs Alki ,  sing digelar ana Gor Sidoharjo , cukup keras lan ngedek dek'i , syukur alhamdulillah mas  Alif atlit MMA Pacitan menang mutlak  lan iso gawa emas mulih nyang Pacitan , tegas  mantan Kepala Puskesmas Gondosari Punung Pacitan.

Alifan Bagus Fernanda , kaya sing dicritakne  Djohan ,  ternyata muk mantan Karyawan Pabrik Cat ana Daerah Sukaharjo Jawa Tengah , tentu rumangsa bAngga iso nyumbangne EmAs kanggo kontingen Pacitan  tanah kelahirane.

Terkait harapan entuk bonus  saka Pemkab Pacitan, Atlit Gelut Bebas Asli Mangunarjo Arjosari iku tak kira pada atlit liyaje  ,urung  terlalu mikir bonus disik  , leren sawetara  wektu ,santai disik  kabeh dipikirke , pungkas Djohan.

Perlu dimangerteni , Emas sing diraih Alif merupakan emas terakhir (  ke 9 ) perjuangan atlit atlit Pacitan selama tanding ana Porprov Jatim ke VIII tahun 2023 ana Sidoharjo , Mojokerto lan Jombang.

Sayang..'  itungan perolehan medali ora kaya ndisik , masiha entuk emas okeh  yen medali  perak sitik lan medali perunggu sitik urutan tetep entuk ngisor , ora koyo ndisik , sopo sing entuk emas okeh urutan medali mesti entuk  katagori nduwur...( tim)





Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda