PASAR SLOGOHIMO KOBONG DIDUGA WONG GUWANG UTHIS ROKOK ..? - PACITANPOST

Kamis, 28 September 2023

PASAR SLOGOHIMO KOBONG DIDUGA WONG GUWANG UTHIS ROKOK ..?


Wonogiri 29.09.023.
Pasar Tradisional Slogohimo Wonogiri  Kobong sekitar jam 17.30 wib , dina iki Kamis ( 28/09 )

Kontributor Pacitan Post Rangga , sing ngepasi liwat , sempat dokumentasekne tragedi pasar kobong slogohimo sing miturut informasi sementara diduga enek wong guwak tegesan rokok.

Jenenge wong okeh , soal dugaan isih simpang siur ,enek sing kondo merga kompor njebluk , tegesan rokok lan konslet listrik.

Miturut Winardi , warga sekitar pasar omong yen kobonge pasar koyo setengah ujug ujug , ngerti ngerti geni wis molat molat mrembet kios kiwo tengen.

Winardi nambah ake , saat kedadean warga pemilik kios pasar wis pada mulih , akhire warga pada hubungi pemilik kios sing cedak cedak .

Kabeh dagangan pada ditok tokne , ben slamet , sayang kios sing ora isa dibukak tanpa ampun ludes kebakar, jare saksi liyane sing ketok panik.

Nganti berita iki ditulis , Pemadam kebakaran Pemkab Wonogiri urung teka , ananging kabeh wis dihandel Polsek Slogohima ,sing bAhu membahu nyiram nganggo alat sak enek'e...( Rangga)

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda