JHON VERA : MINTA AC RUANG MELATI RSD PACITAN DIBENAHI.. - PACITANPOST

Selasa, 17 Oktober 2023

JHON VERA : MINTA AC RUANG MELATI RSD PACITAN DIBENAHI..


Pacitan Ppos.17.10.023.
Dedengkot PDI Perjuangan Pacitan Jhon Vera Tampubolon , njaluk marang managemen Rumah Sakit Darsono Pacitan berbenah , utamane bab kenyaman pasien.

Kejaba pelayanan medis sing perlu ditingkatke , uga kondisi ruangan  utamane Ruang Melati  dibenahi , akeh toilet ruangan sing wis rusak lan terkesan kumuh .

Jhon Vera sing kebetulan nengok kerabate sing dirawat ana ruang Melati , uga nyoal masalah pendingin ruangan sing mati , akibate pasien lan pengunjung kepanasan sing luar biasa , AC ketok terpasang tapi muk rangkane , jare Caleg PDIP iku dersulo...

Kritikan uga teka Hadi W. saka LSM Bhineka Bangsa Pacitan , RSD Darsono khusus perawatan pasien BPJS dianggep sak kerah kerah , seolah diburu buru gek kon mulih ,nek wis dirawat 3 dina , masiha pasien urung pati sehat.

Sementara Dokter Djohan TP, salah sijining managemen RSD Darsono Pacitan,  nampa kambeh saran lan kritikan masyarakat , minimal kanggo bahan evaluasi perbaikan.

Aku wong anyar pak , insya Allah kabeh saran lan kritikan bakal tak sampekne Pimpinan , klebu  bab masalah AC sing ora berfungsi ana ruang melati , pungkas tokoh Olah Raga  sing uga Penggemar Manuk ...( Gustik)




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda