KENAKALAN ANAK SD WIS NDRAWASI...GURU PACITAN DIJALUK WASPADA..LAN ATI ATI - PACITANPOST
News Update
Loading...

Selasa, 03 Oktober 2023

KENAKALAN ANAK SD WIS NDRAWASI...GURU PACITAN DIJALUK WASPADA..LAN ATI ATI

Pacitan Ppos 03.11.023.
Perundungan antar siswa , wis mulai nular menyang siswa Sekolah Dasar ana Lingkup Pendidikan Pacitan.

Salah sijining siswa berinisial ( B) dadi korban bullyan  konco sak kelas sing ngakibatne  drijine lan lengene terluka.

Miturut LSM  Pacitan Peduli Pendidikan. Dasar ( Tiono) korban drijine sengaja dijepitke pintu lawang Kelas lan Lawang ruang UKS,  malah ora mung kui , lengene korban (B) disiram banyu termos pedagang minuman samping sekolahan.

Ananging kabeh crito LSM Pacitan Peduli Pendidikan Dasar , diluruske karo pihak sekolah , lewat Kepala Sekolah ( T) informasi saka pihak Korban diyakini urung mesti bener.

Miturut Kasek lan Wali Kelas ( Nm) korban lan konco koncone jam istirahat pada besuk koncone sing dirawat ana ruang UKS , gandeng bel sekolah wis muni , kabeh murid klebu sing ning ruang UKS pada rebutan metu , akibate tangan korban ( B) ketutup pintu sing disebabke uyel uyelane siswa siswa klas 3 .

Ananging alasan apapun, kabeh perilaku siswa  ana lingkungan sekolah wis dadi tanggung jawabe , muga muga peristiwa iki dadi pelajaan berharga , sing selama iki urung pernah kedadean , ucapnya.

Sakteruse , Pihak Sekolah melaui media iki uga njaluk ngapura karo Orang Tua Murid , lan janji bakal ngawasi perilaku siswa siswi ana lingkungan Sekolah.

Terkait  korban ( B) njaluk pindah sekolah merga wedi karo koncone , kepala Sekolah janji bakal mempertahankan , merga korban klebu murid sing ora neka neka, insya Allah pihak sekolah segera kompromi karo wong tuane siswa.

Sementara saka Pihak Dinas Pendidikan Pacitan , kaget enek laporan terkait dugaan perundungan siswa wis menjamah murid murid Sekolah Dasar ana lingkup pendidikan Pacitan .

Terlepas peristiwa kui disengaja utawa ora  , Ir Budiyanto  Ka  Dinas Pendidikan Pacitan , njaluk kabeh pendidik waspada lan ngati ati ale ngawasi murid murid'e , wektu ning njero kelas utawa ning njobo kelas .

Mantan Kepala PU Pacitan  , koyo sing dikutip Wahyono , ojo nganti peristiwa perundungan antar siswa kaya kedadean ning  kutho gede, sing ngakibatne cacat fisik, bahkan enek sing meninggal dunia.

Pihak LSM Pacitan Peduli Pendidikan Dasar , wis rumangsa lega kasus perundungan siswa sing dilaporke wong tua korban , ditanggapi cepet marang pihak sekolah lan Dinas Pendidikan Pacitan.

Ananging Tiono uga njaluk marang Wali murid , mantau  perilaku lan perkembangan pergaulan anak anak'e , ojo nganti peristiwa serupa mlebu ning ranah hukum.

Sekretaris Daerah Heru Wiwoho , terkait laporan perundungan murid, sing bola bali kedadean , masiha ora ning siswa sekolah dasar , Njaluk marang guru guru Pacitan Waspada terhadap kenakalan murid, sing akhir akhir iki mulai menghawatirkan .

Ojo nganti Trend kenakalan Siswa , akibat saka  pengaruh / peristiwa njobo kutha, sing berakibat peristiwa hukum , tulung dipantau tenan , jare Heru lewat sambungan Telpon saka Jakarta.....( gustik)


Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done