NUR SUHUD DADI NARSUM TIM PEMENANGAN NASDEM , BAKAL DIPINANG...? - PACITANPOST

Sabtu, 14 Oktober 2023

NUR SUHUD DADI NARSUM TIM PEMENANGAN NASDEM , BAKAL DIPINANG...?


Pacitan Ppos. 14.10.023.
Nur Suhud mantan anggota DPR RI saka Partai PDIPerjuangan asli Pacitan  , miturut rencana , tanggal 15 oktober 2023,   diundang secara istimewa sebagai Nara Sumber Tim Pemenangan Partai Nasdem Se Jawa & Bali.

Mungkin nek mung dadi  Narsum wae , hal biasa kanggone Nur Suhud , sing heboh lan  dadi tanda tanya ,  status Nur Suhud   kader PDI Perjuangan tulen .
Pertanyaane ' kok gelem dadi Narsum Partai liya sing nota bene pengusung Capres Anies Baswedan.

Miturut Nur Suhud , ditunjuk dadi Narsum hal biasa ,masiha sing undang Partai liya ,  posisiku dosen Badiklat Sekolah Partai PDIP , mungkin kui pertimbangan pak Surya Paloh ngundang aku.

Kejaba saka iku tambah Nur Suhud , Pancen soal Budaya Jawa lan  kultur Politik wong jawa kui wis dadi bidangku kawit ndisik , dadi ora salah Nasdem ngundang aku sebagai Narsum , tegas anak  jalan Cokro santai.

Ditakoni Media , opo ora wedi entuk sangsi saka DPP PDIP , Nur Suhud Jawab la ngopo wedi , wong berbagi ilmu kok di Padoni , tur umpomo dihubungke karo pencapresan , wong aku yo apik karo mas Anies , ndisik ning Jogja sering kumpul kumpul ,tambah Nur Suhud.

Perlu dimangerteni , Nasdem bakal gelar acara Pembekalan peserta Tim pemenangan Pemilu sejawa lan Bali , sing rencana sesuai Undangan bakal digelar ana Auditorium Nasdem Tower Jalarta tanggal 15 oktober 2023.

Sesuai undangan sing ditanpa  Nur Suhud , anggota DPR RI 3 periode iku bakal nenehi makalah sing judule  Aneh rada langka , yo kui  ,, Biopolitik lan Sisik Melik Jawa....

Sekedar informasi , tokoh sing terkenal ana Banyuwangi lan sekitare iku pancen duwe kompetensi  , se'je'ne' sejarah Politik bangsa Indonesia uga duwe keahlian  bidang Sejarah  budaya Jawa lan Arab..( gustik)




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda