PEMBUKAAN TARKAM : AKEH SING SEMAPUT..SAKING PANASE.. - PACITANPOST

Kamis, 12 Oktober 2023

PEMBUKAAN TARKAM : AKEH SING SEMAPUT..SAKING PANASE..


Pacitan Ppos.13.10.023.
Saking panase jagad Pacitan , acara pembukaan Tarkam kemenpora ,sing dipusatke, ana Lapangan Desa Purwoasri Kebonagung Pacitan ,  peserta upacarane' akeh sing semaput.

Pengamatan media , enek  sekitar wong 22 sing ngglethak ora kuat neruske acara Turnamen Tarkam Kemenpora .

peserta upacara Sing semaput langsung ditangani petugas kesehatan Kebonagung.

Rata rata langsung ditulung koncone digawa menyang pinggir lapangan , sementara sing semaput  cedak panggung digawa langsung menyang mobil ambulance sing wis siap sedia ana lapangan.

Dr Ndaru Kadinas Kesehatan Pacitan , omong ' ora usah kawatir karo peserta upacara sing semaput , sebab tenaga medis wis biasa ngadepi situasi ngono kui, tegas ndaru.

Sementara Acara upacara Pembukaan Tarkam Kemenpora sing dipusatke ana lapangan Purwoasri dibuka Deputy Kemenpora Ir.Hatta Noor Hendra sekitar jam songo esuk.

Ronny Wahyono Ketua DPRD Pacitan rajin hadir di setiap undangan yang diterimanya.

Hatta Noor Hendra ,  rumangsa bangga  Kabupaten Pacitan isa nglaksanake kompetesi Tarkam kemenpora , mudah mudahan  lahir atlit  berprestasi saka  Kampung Pacitan .

Perlu dimangeteni , Propinsi jawa Timur sing ditunjuk nglaksanaake Tarkam Kemenpora muk anak telu, yo kui Kabupaten Blitar , Pacitan lan Malang , penunjukan Pacitan preoritas utama  merga Pacitan klebu daerah sing wis nglairke atlit atlit Nasional , kaya angkat Besi , Volly , para layang , catur lan sak piturute , pungkas Hatta.

Sayang saben saben acara Pusat sing ora ditekani Menteri , Bupati lan pejabat Teras liyane  okeh okehe ora rawuh , alesane maneka warna , kaya pembukaan Tarkam iki maeng , alesane Bupati Dinas Luar Kota ke Jepara , tegas staf ahli Bupati Masrukin sing ugq ditunjuk mewakili sambutan Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji.

Sementara Ronny Wahyono Ketua Dewan Perwakilan Rakyat Pacitan , mengapresiasi anane  pelalsanaan Turnamen Antar Kampung ( tarkam Kemenpora ) sing dipusatne ana lapangan Desa Purwoasri.

Turmudi kadin Disparpora Pacitan.

Muga muga acara model Tarkam ngene iki, sebagai moment pendobrak utawa penyebar semangat kanggo atlit atlit pemula pedesaan, ben giat latihan menuju prestasi Nasional , jelas Ronny Wahyono.

Sementara Turmudi Kadinas Disparpora Pacitan , ngaku bangga penyelengaraan Turnamen Tarkam Kemenpora iso dilaksanaake kanti tertib lan lancar , muga muga bar turnamen digelar , semangat pelajar pacitan seneng olah raga dadi kenyataan....( gustik)








Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda