DISEMPRIT BPK PERUSDA PACITAN DIBUBARKE..BUMDES KETIR KETIR..? - PACITANPOST

Jumat, 20 Oktober 2023

DISEMPRIT BPK PERUSDA PACITAN DIBUBARKE..BUMDES KETIR KETIR..?


Pacitan Ppos.20.10.023.
Lewat mekanisme Rapat Pari Purna DPRD Pacitan ,  dina iki jumat  ( 20/10) Perusahaan Daerah ,,Aneka Usaha Pacitan,,  akhire dibubarke.

Miturut Ketua DPRD Pacitan Ronny Wahyono , alesan Pembubaran Perusahaan Daerah Aneka Usaha Pacitan disebabne enek rekomendasi BPK , terang Ronny.

Penilaian BPK,  Perusda Aneka Usaha Pacitan , kawit perusahaan ngadeg kira kira 16 tahun kepungkur , Perusda ora pernah untung alias rugi terus menerus.

Bahkan Penegak Hukum Pacitan sing populer disebut ,, Mah kidul ,, Perusda Pacitan dinilai cacat managemen , sing nglairke penyimpangan penyimpangan  sing berujung pidana.

Ronny Wahyono Ketua DPRD Pacitan , ditengah murid murid belajar Catur.

Terkait Perusda Gulung Tikar , memantik keprihatinan tokoh Masyarakat Punung Ir. Syech Pujo Setyo Hadi , Pujo Prihatin ! Bumi Pacitan sing sugih watu tambamg , sugih Alas lan Sugih Segara , Pemkab ora duwe wadah Usaha sing iso dikelola , enek siji wae bubruk lan bubar.

Tokoh sing uga populer diceluk Syech Pujo , nyaranake Pemkab gawe wadah usaha anyar , Managemen anyar , pegawai  anyar lan bidang usaha  uga anyar .
Pokok'e kabeh anyar , insya Allah mlakune kingko  becik , sepanjang bidang   usaha sing arep dikelola di etung lan dikaji bener bener, tegas tokoh sing wis 20 tahun dadi Dewan.

Syech Pujo Tokoh Pewaris Bumi Harum Wijaya lan anggota DPRD Pacitan 4 periode.

Keprihatinan uga disampekne Sutikno, Kader Partai Hanura sekaligus anggota DPRD Pacitan 2 periode , Tikno rumangsa prihatin Perusda sing nota bene dadi kebanggan Pacitan , gulung tikar lan dibubarke merga enek penilaian minus saka BPK RI.

Ananging Tokoh sing uga Mantan Pejabat Kehutanan Pacitan iku sarujuk karo pendapate syech Pujo , pemkab kudu duwe wadah anyar kanggo mengelola  bidang usaha sing menguntungkan masyarakat , usulku pengelolaan hasil Bumi Pacitan sing melimpah , koyo to industri Jamu Herbal , industri Madu hutan , industri Gula aren lan sakpiturute , jare tikno sing uga bapak kandung Pandu Kemal.

Sutikno Tokoh Populer Nawangan Bandar uga  anggota DPRD Pacitan 2 periode.

Bumdes Ketir Ketir.
Pembubaran Perusahaan daerah merga rugi terus menerus , uga nyasar marang pengelolaan Badan Usaha Milik Desa ( Bumdes)  Pacitan.

Miturut data lapangan sing dukumpulne Pacitan Corouption Watch ( PCW)  Puluhan Bumdes Kabupaten Pacitan sing terindikasi rugi akut .

Rata rata kerugian Bumdes Pacitan dikelola asal asalan , kabeh Bumdes dibentuk asal ngadeg ,  memanfaatkan regulasi APBDes, tegas Winarno.

Bahkan enek Bumdes , sing saka awal nganti akhir ora iso dikelola , rugi atusan juta ,  bahkan bangunan wis mulai rusak merga ora iso operasi.

PCW uga nengarai , akeh Bumdes ana Pacitan  sing pengelolaane' akeh terjadi penyimpangan penguruse , mark up dadi obyek  kerugian Bumdes...( Gustik)












Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda