SABEN PILEG : USUM WONG NDAKU NDAKU PROYEK... WIS BIASAH...! - PACITANPOST

Rabu, 04 Oktober 2023

SABEN PILEG : USUM WONG NDAKU NDAKU PROYEK... WIS BIASAH...!


Pacitan Ppos. O5.11.023.
Saben saben arep pemilu , akeh oknum Dewan , mbuh kui Pusat , Propinsi lan Daerah , ndaku ndaku proyek sing bakal medun.

Padahal okum  Anggota Dewan iku , pancen wis tugase  memperjuangkan aspirasi warga daerah pilihane , sesuai tupoksine sebagai anggota legeslatif.

Ananging merga arep pemilu , ben  proyek diarani hasil kerjane ,  ndaku ndaku proyek hal biasa lan  lumrah  , masiha kadang kadang  kebablasan , mestine usulane kancane tapi kadang diaku dewek'e.

Dinas PUPR Pacitan meluruskan berita terkait tuduhan Pembohongan Publik terhadap proyek 50 Milyar.

Kaya Polemik Proyek sing gedene  50 M , ana Kabupaten Pacitan , yo kui Proyek Peningkatan Jalan ruas jaln Dadapan-Dersono - Watukarung 35 M lan Ruas jalan Punung - Kalak 15 Milyar.

Proyek sing tujuane kabeh pinuju menyang obyek Wisata iki maeng , disatu sisi diaku murni usulan Ali Mufti anggota komisi V DPR RI saka Golkar , tapi disatu sisi diaku Usulan murni saka Pemkab Pacitan sesuai Perintah Presiden sing tertuang ana Inpres No 3 tahun 2023.

Nek didelok saka administrasi lan  data teknis proyek  ,  sing ditunjukkan Dinas PUPR  Pacitan ning ngarepe awak Media , Dipastikan rong ( 2 ) proyek sing saiki lagi digarap iku murni usulan Pemkab Pacitan sesuai Inpres No 3 tahun 2023.


Ananging Kepala Dinas PU Pacitan Suparlan ST MM , ora menampik yen seumpama , Proyek proyek Pusat / Propinsi sing medun menyang Pacitan , akibat pengaruh utawa usaha anggota Dewan, Mentri sing bar kunjungan menyang  Pacitan , utawa tokoh tokoh berpengaruh liyane , Pemkab Pacitan matur nuwun banget , lan ora ngilang ngilangke  jerih payah para tokoh , pungkas Suparlan santai.

Kadis PU Suparlan menehi data Valid menyang media Pacitan Post.

Pancen Suparlan ngakoni lewat pak Wabub Gagarin,  sing di tapak asmoni pak Bupati ngajokne usulan proyek sing dikawal anggota DPR RI bapak Ali Mufti , ananging paket sing diusulke pak Ali Mufti nganti seprene isih proses lan tinggal munggu kapan mudune , tambah Sekdin PU PR Yudo.

Ananging Muhammad Saptono Nugroho , masiha ora duwe data administrasi  sing didudohne media , tetep ngeyel yen proyek sing saiki dikerjakan pemkab Pacitan sebesar 50 Milyar atas hasil kerja keras Ali Mufti anggota DPR RI komisi V.
Saptono bahkan nuduh  Dinas  PUPR Pacitan , melakukan pembohongan Publik.

LSM Pacitan Corruption Watch ( PCW) Winarno , njaluk Polemik akon akon proyek sing dibiayai APBN , APBD Propinsi lan APBD Kabupaten dikurangi utawa diuwisi.

Jare  Winarno , saben saben pemilu teka kok  akeh wong  ndaku ndaku proyek , opo ora isin yen kabeh kui pancen wis tugase sebagai anggota Dewan.

Winarno uga njaluk lokasi / daerah  Proyek Proyek sing lagi dikerjakne , Baleho baleho sing dipasang Caleg Caleg numpang , kabeh dicabut , sesuai intruksi bupati Pacitan Indrata NBA  kabeh Baleho sing numpang Proyek dicabut...tegas..! ( gustik )

DODOL PANGANAN IKU YO KUDU ENAK ,KOYO BEBEK GUSTIK IKU LHO ENAK...!




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda