Pacitan Ppos.20.11.023.
Penyanyi dangdut asal Kebonagung Satwika , iki dina kari nunggu Vonis Hakim akibat mateni bayine.
Satwika dituntut Jaksa Penuntut umum 8 tahun penjara , ananging ambi mbrebes mili , Penyanyi sing duwe rupa ayu iki maeng , ana sidang pembelaan dek tanggal ( 14/11) njaluk hakim mutus seringan mungkin.
Lucune saat Hakim Erwin Ardian , Hakim Putu Wijaya lan Hakim Andika Bimantoro. tekok marang Satwika , njaluk hukuman pira nduk ? , tapi satwika ora njaluk hukuman serendah mungkin, ananging malah njaluk divonis 5 tahun.
Tentu wae Hakim Pengadilan Negeri Pacitan kaget ,, mbak mbak njalukmu kok ijik duwur , diguyoni hakim , terdakwa Satwika meneng , mungkin saking bingunge' ora nate ngadepi sidang , jare Pengacara Imam Bajuri SH.MHum ambi guya guyu.
Perlu di mangerteni , kasus Penyanyi Dangdut sing duwe jeneng lengkap Hikmah Satwika Kuncoro Putri (23) terpaksa urusan karo penegak hukum , merga mateni bayi sing bar dilahirke lan bayine dibuang ana daerah sekitar Petung Sinarang Desa Kebondalem Kecamatan Tegalombo awal Mei 2023.
Terdakwa Satwika sing alamate saka Desa Banjarejo Kebonagung , rumangsa isin merga meteng ora weruh sapa bapak bayine , Satwika pancen ngakoni , wong lanang sing ndekemi nganti meteng , pancen oknume akeh banget , aku Satwika lugu.
Berhubung terdakwa Satwika buta hukum , miturut rencana LSM Bhineka Bangsa Pacitan bakal audensi marang Penasehat Hukum lan Hakim sing nyidangne perkara Satwika.
LSM Bhineka Bangsa Pacitan , H.Winarno menengarahi ,Sakdurunge kedadean mateni bayi , satwika enek tekanan tekanan saka pihak tertentu, sing ngakibatne terdakwa putus asa.
Jare Winarno , Kudune Satwika kudu wani omong , oknum sapa sapa wae sing ndekemi Satwika minimal 10 sasi sak durunge bayi lahir.
Sapa sing didumuk satwika ( oknum lanangan) A.B.C.D.E.F dst , kudu wani tes DNA kabeh , sebab yen dites DNA bakal muncul benih satu orang sing identik si jabang bayi.
Sayang seribu sayang , kabeh penegak hukum sing nangani wektu kui , saat iku ora duwe pemikiran tes DNA , akibate Satwika nanggung perbuatane dewe, padahal ASLINE penyebab' e klebu oknum oknum sing biyen melu ndekemi / menzinai Satwika....( Gustik)