LAGI GAMBAR AMIN SING PATING TLECEK ANA PACITAN - LIYANE ISIH KOORDINASI - PACITANPOST
News Update
Loading...

Rabu, 29 November 2023

LAGI GAMBAR AMIN SING PATING TLECEK ANA PACITAN - LIYANE ISIH KOORDINASI


Pacitan.29.11.023.
Jadwal Kampanye Pilihan Presiden - Wakil Presiden  Republik Indonesia tahun 2024 lagi wae diwiwiti.

Kondisi ana Pacitan , isih adem ayem urung enek pergerakan sing moncolok , Partai  Pengusung cenderung ijik stagnan.

Caleg caleg isih ngurusi bitinge' dewe dewe , Relawan secara umum  ijik mbegegeg ,alias urung obah opo opo , kecuali sebagian relawan Pasangan Amin sing wis mulai aktif masang masang gambar Amin No 1.

Gambar pasangan Anies-Muhaimin mulai pating tlecek ana dalan protokol pacitan.

Media memantau ,  sejumlah jalan Propinsi gambar pasangan Anies Baswedan - Muhaimin Iskandar wis mulai pating tlecek ana wit witan pinggir jalan.

Miturut Ketua Relawan Amin Pacitan Bambang Widiarsa , Banner Banner dicetak swadaya masyarakat sing dikoordinir Relawan Anies Pacitan.

Penyumbang banner mencetak sesuai ukuran sing dikarepne , dicetak satu perusahaan printing kulon Pendopo ,tegas Wiwit.

Terkait peran Partai , Irfan Pelangi salah sijining Relawan Amin , omong nganti dino iki partai Pengusung AMIN urung enek sumbangan opo opo, urung enek Koordinasi opo opo , aku yo gumun keluh Irfan.

Sementara Tim Relawan Ganjar Mahfud lan Tim Relawan Prabowo - Gibran nganti seprene urung ketok aktivitas sing mencolok.

Pantauan Media , pasangan Prabowo - Gibran pusat Relawan Pacitan ana jalan Protokol Pacitan Solo , luwih tepate ana desa Bangunsari.

Sediono dewan saka Gerindra omong yen tim Prabowo- Gibran Pacitan solid , isih nunggu koordonasi saka pusat.

Sedang Pasangan Ganjar- Mahfud , lokasi kegiatan ana kediaman H.Sudiro Jl Jendral Sudirman , dina iki tim pancen urung bergerak total , ijik koordinasi antara relawan lan Partai,jare relawan sing ora gelem disebut jenenge....( Gustik)









Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done