Pacitan Ppos.18.11.023.
Dusun Kebonredi Desa Tanjungsari Pacitan, maeng awan sekitar jam sewelas ( 18/11) digegerke penemuan mayit ana njero kamar sing diperkirakke ninggal wis pirang pirang dina.
Mitirut saksi Wahyu Sri Hartatik lan Joko Purwanto , sing nota bene anak'e , pas mulih ngomah mambu slemengit koyo gondo mayit , merga penasaran lan curiga saksi ndobrak pintu kamar , ternyata ibune sing jenenge Sri Agustin ( 57) ditemokne wis ninggal.
Informasi sementara , korban ale lara wis suwe , tragise korban ning omah muk karo sedulure sing uga lara struck , sementara anak'e sering lungo merga kerja srabutan.
Kanggo mastekne korban ora kenek opo opo, warga RT 04/03 Dusun Kebonredi Desa Tanjungsari nglaporne kedadean ninggal ora konangan menyang Polsek Kota.
Sementara berita bocah kleleb ana Pancer Door nganti seprene urung enek perkembangan.
Info sementara , Sing kleleb rombongan wisata saka Jawa Tengah .
Awale sing keseret ombak ning pantai Pancer Door Pacitan wong telu , ananging sing loro iso nglangi minggir lan slamet.
Ananging sing siji nganti seprene isih urung ketemu , ijik digoleki tim SAR Pacitan lan warga masyarakat pesisir Pancer Door....( Gustik)