OJO LALI ENGKO BENGI NONTON TETHEK..GEDHEN..' - PACITANPOST

Jumat, 17 November 2023

OJO LALI ENGKO BENGI NONTON TETHEK..GEDHEN..'


Pacitan Ppos..18.11.023.
Engko bengi ojo lali , Pemerintah Kabupaten Pacitan bakal gelar acara rutin Fastival Tethek antar Kecamatan se Kabupaten Pacitan.

Acara bakal njupuk srart ana Jalan Jaksa Agung Suprapto utawa dhalan ngarep Pemdapa Kabupaten Pacitan.

Miturut Asdam Panitia Festival , acara bakal dibuka Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji sekitar bar isya'k ( 19.00 wib) srana ngundang kabeh pejabat Pacitan lan luar Pacitan.

Diperkirakne acara sing diikuti 12 Kecamatan Pacitan , bakal ditonton wong akeh utawane warga Pacitan.

Asdam uga omong , yen acara digelar rong dina berturut turut  , Sabu lan Minggu ( 18-19 Nopember 2023 ) diwiwiti tetep mulai saben bakda isya'k  / 19.00 wib.

Kadisbudpora Turmudi , dina iki kliling menyang rute rute lan panggung panggung sing bakal di nggo atraksi peserta rontek.

Mantan Pejabat LPSE iku omong , kabeh kudu siap ,merga Event tahunan Festival Rontek Pacitan wis kadung menasional , nek iso ojo nganti enek sing klendean, tutur Turmudi.

Media Pacitan Post klebu media sing ditunjuk liputan  Festival Rontek 2023.

Perlu dimangerteni ,  rite lan panggung panggung kehormatan pancet pada tahun tahun kepungkur Ngarep Kantor Bupati . Ngarep PLUT lan Ngarep Toko Enggal siji desa Tanjung sari Pacitan sing biasane dienggo atraksi , pantauan media ora enek panggung.

Wartawan entuk info ( khusus ) Kecamatan Pacitan diwakili Desa Tanjungsari , ora pati jelas alasan desa Tanjungsari ditunjuk makili Kecamatan Pacitan , mungkin ptestasi Desa Tanjungsari sing kulino juara .

Diperkirakne Festival Rontek Pacitan , bakal ditonton 30 ewu  uwong lan bakal gairahne UMKM Pacitan , insya Allah dagangan kulo tahu bakar laris manis, jare Eka guya guyu sumringah.

Terkait kelompok UMKM ,  sektor riil , sing sing bakal entuk dampak langsung anane Festival Rontek , Turmudi njaluk peningkatan mutu Menu Panganan lan pelayanan , menune ojo muk ngono ngono kui wae , pungkas Turmudi..( gustik)

Acara Pere Relise Media dan Panitia di Disparbudpora Pacitan.





Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda