PANGKALAN ANGKATAN LAUT PACITAN DIRESMIKAN , PENCURI LOBSTER KETIR KETIR.. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Rabu, 08 November 2023

PANGKALAN ANGKATAN LAUT PACITAN DIRESMIKAN , PENCURI LOBSTER KETIR KETIR..


Pacitan Ppos.08.11.023.
Panglima Komando Armada II Laksamana Muda TNI Yayan Sofian ST.M.Si,MTr Opsla maeng esuk Rabu (08/11) ngresmekne Pangkalan Angkatan Laut Pacitan ana Desa Kembang Kecamatan /Kabupaten Pacitan.

Laksamana Muda TNI Yayan Sofian, ora muk ngresmekne Pangkalan Angkatan Laut , Tapi uga ngukuhke Komandan Pangkalan Angkatan Laut Pacitan sing dijabat Mayor Laut ( P) Dainuri Syamsuddin ST.

Miturut Pers realise sing disebar menyang Media , Pangkalan Angkatan Laut Pacitan , daerah teritorial kerjane nyakup Kabupaten Pacitan ,  Trenggalek lan Kabupaten Tulungagung.

Pangkalan Angkatan Laut Pacitan Diresmikan.

Peresmian lan Pengukuhan Komandan Lanal Pacitan , kejaba ditekani Jendral Bintang Dua  , uga di Rawuhi Bupati Pacitan , Trenggalek , Tulung Agung utawa sing mewakili.

Laksamana Muda Yayan Sofian , bubar acara sempat nemui awak media, sing intine , njaluk kerja sama sing apik  antara Lanal Pacitan  karo , tokoh masyarakat , Eksekutif , Legeslatif lan Forkopimda , insya Allah Pacitan dan sekitarnya semakin aman lan harmonis , tegas Komandan bintang dua ini.

Pengukuhan Komandan Pangkalan Angkatan Laut Pacitan.

Perlu dimangerteni , Pangkalan Angkatan Laut Pacitan klebu pangkalan type D sing dipimpin komandan berpangkat ,, Mayor,,
Sedang pelaksanaan Tugas saben dinane, dibawah komando/ koordinasi Danlantamal V  saat iki dijabat Brigjen TNI Marinir Joni Sulistyawan SH.M.Han.

Gedung Megah sing panggone etan kali  Pancer Etan Desa Kembang , ketok gagah , yen lewat ngarepe pangkalan ,  Pintu Gerbang Pangkalan ketok serem tapi berwibawa .

Gedung Utama Angkatan Laut Pacitan terlihat megah dan berwibawa.

Informasi sing ditampa media , Prajurit sing wis ngantor ana Pangkalan Pacitan jumlahe berkisar 33 pasukan / separo saka alokasi Prajurit sing jumlahe kira kira sekitar 66 prajurit .

Apresiasi diresmekne Pangkalan Angkatan Laut Pacitan , disambut  antusias  tokoh lan warga Pacitan  , minimal maling maling iwak sing berkeliaran ana perairan Pacitan lan sekitare mikir dua kali...( Gustik)

Pintu Gerbang Pangkalan Angkatan Laut Pacitan.



Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done