PENONTON MBLUDAK KWALITAS PAYAH.. - PACITANPOST

Sabtu, 18 November 2023

PENONTON MBLUDAK KWALITAS PAYAH..


Pacitan Ppos.18.11.023.
Festival Rontek tahun 2023 sing digelar dina iki , yen didelok saka animo penonton , jan tenan '  pancen mbludak.

Tapi sayange' ' limang peserta sing tampil wengi iki  , cenderung ora enek peningkatan kwalitas penampilan.

Gerakan tari ijik akeh sing dompo alias pating slongkrah  , ditambah sing nuthuk tethek cenderung  datar ora pathi kompak.

Saka limang kecamatan , sing klebu rada apik muk Kecamatan Arjosari lan Kecamatan Ngadirojo sing konon nyewa saka bocah bocah ISI.

Rontek uga ditonton bule bule sing lagi wisata ana Pacitan.

Kecamatan Pacitan sing diwakili Desa Tanjungsari paling akeh dikritik penonton, kejaba durasi tampile kesuwen , penampilane tim  biasa saja, blas ora enek ke istimewaan,  engatase wakil Kecamatan Ibu Kota Kabupaten.

Sedang Kecamatan Tulakan lan Nawangan loro lorone cenderung  tampil opo anane , seolah muk tampil koyo antar desa.

Miturut bu Yayuk pemerhati seni saka Jogyakarta , sing saben tahun nonton tethek  ana Pacitan ,, omong ,,  secara keseluruhan, sing tampil dina iki ,  enek penurunan kwalitas permainan , dibanding tahun tahun kepungkur , mungkin wektune kadung  mepet , kurang latihan,  utawa pelatihe kurang profesional , jare bu Yayuk sing uga asli Pacitan.

Kepala Disparbudpora Pacitan Turmudi pancen sempat duwe rasa kawatir bab kwalitas permainan , kekawatiran Turmudi sempat diomongke ana Konfrensi Pers sing dienekne ana kantor Disparbudpora .

Wektu kui salah sijining wartawan Agus Hermawan saka Media Portal sempat kawatir terkait kwalitas tari lan perontek, lan kekawatiran Agus tenan , kwalitas  rontek wengi iki , ijik urung sesuai sing diharapkan...( Gustik)



Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda