Pacitan Ppos .14.11.023.
Lagi wae Presiden Jokowi lan Panglima TNI menehi intruksi , marang ASN ,Polri lan TNI netral ana pemilu serentak tahun 2024.
Ananging ana desa pojok kidul kulon Pacitan ( Watukarung) enek PJ kades diprotes wargane , merga diduga mbleloni wargane soal undangan musyawarah.
Miturut warga Desa Watu Karung , ana undangan tertera ( unen unen) rapat soal kelanjutan pembangunan Baldes / Balai Desa Watukarung.
Tapi bareng teka Balai Desa , ternyata warga digiring menyang promosi caleg tertentu sing indikasine warga desa setempat.
Rumangsa dibleloni Aparat Desa , warga protes nganti gebrak gebrakan meja , lan nyulut emosi peserta rapat.
Suyono sing ngaku koordinator paguyuban warga watukarung , rumangsa dilecehne Perangkat desa ( kasun) sing muni kasar lan motong pembicaraan saat Suyono omong, munine kasar lan arogan kui lho mas sing ndadekne aku emosi , tegas Suyono.
Untung emosi warga cepet iso diredam , sak bubare perangkat desa nyadari kesalahane , kondisi audensi warga mulai kondusif.
Sementara Sumadi ( PJ) Kades Watu Karung sing dituduh kampanye pileg tokoh tertentu ananging ,, ndelik ,, ana undangan kelanjutan pembangunan baldes , membantah pertemuan direkayasa, ora mas iki murni rapat soal kelanjutan mbangun Baldes, terang SumAdi marang awak media.
Perlu dimangerteni , Rapat tanggal ( 13/11) situasi lapangan pancen ora pada narasi undangan , materi kakean ulas bab pileg dibanding bak kelanjutan proyek Balai Desa Watukarung.
Bahkan aroma rapat sing diduga akal akalan , sempat di protes mengang caleg liyane sing uga budal sAka dapil 1.
Caleg sing ora gelem disebut ana media, curiga PJ Kades Watu Karung ora netral , cenderung manfaatke moment kanggo caleg tertentu , sing diduga diamini lan direstui Tokoh nomer siji Pacitan, aku ora suudhon tapi nada nadane pak Sumadi kethok banget , ungkap Caleg liyane ..(gustik)